George Lopez
George Lopez (lair ing Amerika Serikat, 23 April 1961; umur 51 taun)) yaiku sawijining pelawak, aktor, lan pembawa acara saka Amerika.[1] Lopez membintangi pirang-pirang komedi kang minangka ciptaane dhewe.[1] Komedi iki duweni crita kathi alur budaya Meksiko.[1]
[sunting] Panguripan
Lopez duweni gethih Meksiko-Amerika , lair taun 1961 ing Mission Hills, California.[2] Kawit lair, dheweke wis ditinggal bapake nanging dheweke diopeni dening simbah putrine saka pihak ibune, Benita Gutierrez, sawijning karyawan pabrik.[2] Ing taun 1993, Lopez kawin karo Ann Serrano lan duweni anak siji.[2] Lopez uga minangka sawijining pemain golf kang tampil ing Bob Hope Chrysler Classic and 2004 AT & T Pebble Beach Pro-Am taun 2004.[2] Lopez entuk penghargaan minangka top ranking ing turnamen golf mau.[2] Kawit taun 2006, Lopez dadi anggota Lakeside Country Club ing Burbank.[2] Lopez uga aktif ing kegiatan sosial.[2] Dheweke ngedegake Manny Mota, sawijining yayasan masarakat ing Los Angeles.[2] Lopez nampa penghargaan People for the American Way dening pemimpin Los Angeles, amarga aktif nulung korban gempa bumi ing El Salvador lan Guatemala.[2]