Géologi
Bab lan Paragraf |
Prakata[sunting]
Géologi iku ngèlmu sing nyinaoni kabèh aspèk sing ana gandhèngané kaliyan bumi. Géologi mula bisa dipadhakaké karo ngèlmu bumi. Geologi iku asal tembunge saking basa Yunani γη- (ge-, "bumi") lan λογος (logos, "kata"/"alasan")). Ilmu geologi iki mbahas bab fisik bumi sekabehe molai saking komposisine, struktur, sifat-sifat fisik, sajarah, nganti proses pembentukane.
Tembung geologi dienggo pertama-tama dening Jean-André Deluc taun 1778 bar iku didadeke istilah baku dening Horace-Bénédict de Saussure taun 1779.
Kagunaan[sunting]
Saking ilmu iki wis bisa ditentoke umur Bumi sing nek dietung kira-kira wis sekitar 4.5 milyar (4.5x109) taun. Saking ilmu iki uga wong dadi paham nek kulit bumi iku kesusun saking pecahan-pecahan lempeng tektonik sing bergerak terus nang nduwur mantel bumi. Saking ilmu iki uga bisa ditemoke sumber daya alam ing jero bumi antarane: minyak bumi, batu bara, uga sing wujude metal umpamane: wesi, tembaga, lan uranium. Uga ana sing wujude mineral umpamane: asbestos, perlit, mika, fosfat, zeolit, tanah liat, pumis, kuarsa, silika, belerang, klorin, lan helium.
Cabang-Cabang Geologi[sunting]
- Geologi Marine
- Geologi Tambang
- Geologi Minyak Bumi
- Geologi Panas Bumi
- Geologi Lingkungan
- lan liya-liyane
Hubungan Kaliyan Ilmu Liya[sunting]
- Astrogeologi
- Geokimia
- Geokronologi
- Geodesi
- Geomikrobiologi
- Geomorfologi
- Geofisika
- Paleontologi
- lan liya-liyane
Uga Pirsani[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
||||||||||||||||||||