Gedhung Merdheka
Gedhung Merdheka salah setunggaling gedhung ingkang dunungipun wonten ing margi Asia-Afrika, Bandung, Indonesia.[1] Gedhung menika kalebet gedhung ingkang nggadhahi sejarah awit nate dipunginakaken kanggé panggenan Konferensi Tingkat Tinggi Asia-Afrika nalika taun 1955.[1] Samenika gedhung merdheka dipunginakaken kangge museum ingkang mameraken piranti-piranti koleksi saha foto-foto Konferensi Asia-Afrika ingkang dados cikal bakal Gerakan Non-Blok ingkang sepisanan nalika taun 1955.[1] Wewangunan menika dipunrancang nalika taun 1926 kaliyan Van Galen Last saha C.P. Wolff Schoemaker.[1] Kekalihipun menika Guru Besar wonten ing Technische Hogeschool (Sekolah Teknik Tinggi), ingkang samangké dipunwasatni ITB.[1]Kekalihipun menika arsitektur Belanda ingkang misuwue nalika jaman semanten.[1] Gedhung Merdheka menika nggadhahi nuansa art deco.[1] Dene lantainipun dipundamel saking marmer damelan Italia ingkang keling-keling, ruwangan-ruwangan panggenan kanggé ngunjuk saha sante dipundamel saking kayu cikenhout, déné kanggé paneranganipun dipunginakaken lampu-lampu bias kristal ingkang gumantung.[1] Gedhung menika manggen wonten siti ingkang wiyaripun 7.500 m2.[1]
Wewangunan menika dipunbangun nalika taun 1895 kanthi nama Sociëteit Concordia.[1] Nalika taun 1926 wewangunan menika dipunrenovasi sedayanipun kaliyan Wolff Schoemacher, Aalbers saha Van Gallen.[1] Nalika jaman Jepang gedhung menika dipunwastani Dai Toa Kaman saha dipunginakaken kanggé pusat kabudayan.[1] Nalika jaman proklamasi kamardikan Republik Indonesia nalika tanggal 17 Agustus 1945 gedhung menika dipunginakaken kangge markas pemudha. [1] Kanthi kaputusan pamarintah Republik Indonesia nalika taun 1954 netepaken menawi kitha Bandung dipunginakaken kanggé panggenan Konferensi Asia Afrika, pramila Gedhung Concordia kapilih dados panggenan konferensi menika. [1]Gedhung menika banjur dipunparingi nama Gedhung Merdheka kaliyan Presiden Sukarno nalika tanggal 7 April 1955.[1] Nalika wulan Maret taun 1980, Gedhung Merdheka dipunginakaken kanggé panyelenggaraan Peringatan kaping-25 Konferensi Asia Afrika ingkang dipuntindakaken tanggal 24 April 1980.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.