Gat (topi)
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gat yaiku jinis topi tradisional Korea kang digunakake dening wong lanang nalika metu omah utawa nekani acara-acara kang wigati.[1][2] Gat duweni pinggiran kang amba kang diarani yangtae, lan bageyan tengahe bentuke tabung dhuwur.[1] Gat duweni tali kang biyasane ditalekake ing ngisore janggut.[1] Wong Korea wis nggunkake gat kawit Zaman Tiga Kerajaan (37 SM-668 M) kanggo njaga sirah saka panase srengenge udan.[1] Ing pertengahan jaman Dinasti Joseon (abad 16-17), gat digunakake minangka lambang status sosial dening kaum bangsawan lan ilmuwan lan minangka barang wigati saka sandhangan saben dinane.[1] Gat dianggep minangka piranti kang mbedakake bangsawan karo wong kang ora duweni budaya.[1]