Garuda Indonésia
| Garuda Indonesia |
|||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| 300px | |||||||
|
|||||||
| Didegaké | 26 Januari 1949 (sebagai Garuda Indonesian Airways) | ||||||
| Hub | |||||||
| Hub sekunder | |||||||
| Kutha fokus | Padang, Palembang, | ||||||
| Program frequent flyer | Garuda Frequent Flyer | ||||||
| Lounge penumpang | Garuda Executive Lounge | ||||||
| Aliansi | SkyTeam (tahun 2012) | ||||||
| Ukuran armada | 87 (+40 pesanan)(Januari 2011) | ||||||
| Kutha tujuan | 51 | ||||||
| Kantor pusat | Jakarta, Indonesia | ||||||
| Wong wigati | Emirsyah Satar (CEO) | ||||||
| Situs web | www.garuda-indonesia.com | ||||||
Garuda Indonésia inggih menika maskapai pamaburan nasional Indonésia.[1] Garuda sejatosipun inggih menika satunggalipun pèksi ingkang dipunmitosaken ing cariyos pawayangan.[1] Wiwit Juni 2007 Garuda Indonésia boten kepareng mabur ing rute Eropa amargi alesan keslametan.[1] Amargi boten kepareng mabur ing wewengkon Eropa, Garuda Indonésia ing Juli 2009 mratelakaken badhé ngluncuraken rencana ekspansi gangsal taun ingkang agresif ingkang namanipun Quantum Leap.[2] Rencana menika ugi kalebet nggantos sedaya tampilan maskapai, seragam, lan logo.[2] Ing wekdal gangsal taun, Garuda Indonésia badhé nambahi armada montor mabur saking 62 dados 116 cacahipun.[2] Quantum Leap ugi nggadhahi rencana ngatahaken panumpang per taun dados 27,6 juta.[2]
Ananging, kalih taun salajengipun inggih menika ing taun 2009, Garuda Indonésia sampun mabur malih ing wewengkon Eropa.[3] Ing taun 2008, Garuda Indonésia pikantuk sertifikasi IATA Operational Safety Audit (IOSA) saking IATA, ingkang werdinipun inggih menika Garuda Indonésia sampun nggadhahi standar keslametan pamaburan internasional.[3] Garuda Indonésia mlebet ing dhaftar maskapai bintang sekawan saking Skytrax, ingkang tegesipun Garuda Indonésia nggadhahi kinerja lan layanan ingkang saé.[3] Ing taun 2012 Garuda badhé ndhérék aliansi panerbangan SkyTeam. [4]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c (en)List of airlines banned within the EU dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ↑ a b c d (en)Quantum Leap Planned Post EU Ban Garuda dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ↑ a b c (en)GARUDA INDONESIA : official 4-Star Ranking of Product and Service Quality 2010 dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ↑ (en)[1] dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.