Gapura:Afrika

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Artikel pilihan | Gambar pilihan | Warta saka | Apa wis pirsa | Kategori | Tokoh pilihan | Gapura kagandhèng | Gapura liyané ing Wikipedia | Dlajahi uga

Gapura Afrika
Sugeng Rawuh ing Gapura Afrika Wikipedia
sunting   

{{{title}}}

LocationAfrica.png

Afrika iku bawana (benua) sing paling gedhé kaping loro sa donya. Ing tanah Afrika iku pedunungé ana kira-kira 700 yuta pedunung total donya. Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yakuwi: Afrika Lor (Magribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

sunting   

Artikel pilihan

Flag of Ethiopia.svg

Republik Demokratik Federal Ethiopia (Ityop'iya, basa Amhara ኢትዮጵያ) kuwi sawijining negara kang dumunung ing Afrika.

Ethiopia ndarbèni sajarah kang paling jangkep minangka negara mardika ing bawana kasebut. Minangka negara paling tuwa ing donya, kawasan Etiopia uga minangka salah siji panggonan peradaban kang paling wiwitan ing donya. Pamaréntahan Etiopia pisanan diwangun udakara taun 980 SM lan nampa agama Kristen ing abad ka-4 M. Negara iki cukup unik yèn dibandingaké karo negara-negara Afrika liyané amarga ora naté dijajah wektu jamané Parebutan Afrika, lan terus mardika nganti taun 1936, nalika pasukan Italia nguwasani negara mau. Pasukan-pasukan Britania Raya lan Ethiopia ngalahaké tentara Italia taun 1941, lan Ethiopia ngéntukaké kadhaulatané manèh sawisé nanda tangani Prajanjèn Britania-Ethiopia ing Desember 1944. Ethiopia biyèn naté dijenengké Abisinia.

Wektu iki, Etiopia minangka negara awangun republik lan mèlu aktif jroning aktivitas-aktivitas kerjasama internasional. Ibukuthané, Addis Ababa minangka pusat administrasi Uni Afrika (AU).

Ethiopia isih nganggo kalendher Julian saéngga negara iki arep mbuka rangkaian perayaan nyambut milenium katelu adhedhasar penanggalan kalendher kasebut. Negara ing Sungu Afrika iki migunakakén kalender Julian kang kèri watara 7 tahun dibandingaké karo kalendher Gregorian kang luwih umum dipigunakaké ing donya[1]. (Tutugé...)

sunting   

Gambar pilihan

Peta Afrika

Afrika miturut sejarah naté dadi jajahaning bangsa-bangsa Eropah, saéngga wusanané dadi bawana kang dumadi saka werna-werna budaya, basa lan pengaruh kolonial liyané. Negara-negara kang naté njajah Afrika antara liya: Prancis, Inggris, Portugal, Jerman, Belgia, Spanyol lan Italia.

sunting   

Warta saka Afrika

sunting   

Apa wis pirsa...?

  • ...yèn basa Anfillo kang asalé saka Etiopia kulon amung olèh dianggo déning wong diwasa kang umur sadkdhuwuré 60 taun?
  • ...yèn Sahara kuwi sawijining ara-ara paling amba kaloro sak donya? Sin paling amba dhéwé yakuwi Antarktika!
  • ...yèn luwih saka 50% pedunung Afrika nganut agama Islam?
sunting   

Kategori

sunting   

Tokoh pilihan

Kofi Annan.jpg

Kofi Atta Annan (lair 8 April 1938) kuwi diplomat asal Ghana kang naté mengku jabatan Sekretaris Jenderal Perserikatan Bangsa-bangsa periode 1 Januari 1997 nganti 31 Desember2006[1] ping pidho mangsa jabatan limang taunan. Tanggal 1 Januari 2007, diganti déning Ban Ki-moon. Annan naté nampa Piala Nobel Perdamaian taun 2001. Wiwit Juni 2007, Annan mimpin Aliansi kanggo Revolusi Ijo ing Afrika, sawijining organisasi kang tujuané ningkatské kasil produksi tetanèn lan perkebunan ing Afrika sisan gawé nglawan keluwèn, kakurangan banyu, lan erosi lemah. Organisasi iku didegaké taun 2006 déning Yayasan Bill lan Melinda Gates sarta Yayasan Rockefeller kanthi dana bantuan US$ 150 yuta. (Tutugé...)

sunting   

Gapura Kagandhèng

sunting   

Gapura Liyané ing Wikipedia

Geografi

Komunitas

[[Image:|40px|Portal:Sajarah]]

Sajarah


sunting   

Dlajahi uga


Kaluputan sitat (pangutipan) Tag <ref> ditemukan, tapi tag <references/> tidak ditemukan

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gapura:Afrika&oldid=678009"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès