Ganjang
Ganjang (간장) yaiku jinis kecap kang digawe saka kacang kedele kang diproses sacara fermentasi.[1][2] Ganjang yaiku kecap tradisional kas Korea.[2][3]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sejarah
Kacang kedele minangka salah sijine jinis wiji-wijinan kang paling akeh dibudidakake ing Korea.[2] Amarga cara ngrembakakake kang gampang lan awet yen disimpen, wong Korea mroses kedele dadi pirang-pirang bahan konsumsi ing masakan-masakane.[2] Sawise difermentasekake, kedele bisa diolah kanthi gampang kanggo pirang-pirang taun candhake.[2] Ing Korea, akeh kulawarga wis duweni teknik pembuatan ganjang kang luwih saka 200 taun kanthi baleni proses fermentasi lan nyampurake bahan kang wis suwe karo ganjang kang anyar diproduksi.[2]
[sunting] Kandungan
Ganjang duweni kandungan karbohidrat kang gampang larut, sukrosa, stachyosa lan raffinosa.[1] Saliyane kuwi uga ana mikro organisme kayata bacillus subtlis, asam laktat, enzim sarta fungi kang ana nalika kedele difermentasekake.[1] Nalika kacang kedele difermentasekake ing bentuk keju, mung sithik karbohidrat kang sisa saengga nalika dadi cair duweni kandungan 0,7 % asam laktat, lan fermentasi alkohol jarang kedaden.[1] Protein kang ana ing kedele dilarutake dening enzim protease lan peptidase, mikro-organisme kang urip nalika fermentasi saengga kandungan nitrogen peptid lan nitrogen amino sarta asam glutamat dadi dhuwur banget.[1]
[sunting] Jinis
- Haetganjang yaiku jenis ganjang kang umure kurang saka setaun.[4]
- Jungganjang yaiku jinis ganjang kang wis difermentasekake antarane 3 nganti 4 taun.[4]
- Jin-ganjang utawa jinjang yaiku jinis ganjang kang wis difermentasekake luwih saka 5 taun lan biyasa digunakake kanggo saus nalika masak.[4]
- Cheongjang yaiku ganjang kang digunakake ing masakan godhokan, sup lan janganan.[4]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e (en)koreanrestaurantguide, koreanrestaurantguide. Diundhuh tanggal 28 April 2010.
- ↑ a b c d e f Ahn Hong-beum (Spring 2004). "Ganjang and Doenjang: Traditional Fermented Seasonings". Koreana 18 (1): 62-67. URL diakses pada 28 April 2010.
- ↑ (ko)'간장' 깊고 오묘한 맛을 뽐내다, chosun. Diundhuh tanggal 5 Mei 2010.
- ↑ a b c d (en)Soybean sauces, sunchang Diundhuh tanggal 5 Mei 2010.
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||