Gangjin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gangjin
강진
—  Kabupaten  —
Korea transliteration(s)
 - Hangul 강진군
 - Hanja 康津郡
 - Revised Romanization Gangjin-gun
 - McCune-Reischauer Kangjin-gun
Official logo of Gangjin
Lambang Gangjin
Location of Gangjin
Negara #Alih Cithakan:Gendéra Koréa Kidul
Wilayah Honam
Pembagian Administratif 1 eup, 10 myeon
Jembar
 - Total 495,98 km² (191,5 sq mi)
Populasi (2001)
 - Total 49.254
 - Kapadhetan 99,3/km² (257,2/sq mi)
 - Dialek Jeolla

Gangjin (강진군) yaiku sawijining kabupaten kang dumunung ing pesisir propinsi Jeolla Kidul, Koréa Kidul.[1] Kawit biyen dhaerah iki dikenal minangka produsen kramik ijo Goryeo lan hasil laut kayata pirang-pirang jinis iwak lan urang.[1] Dhaerah pesisir kabupaten Gangjin dikepung dataran pasang surut.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Tempayan Chilhyang

Kabupaten Gangjin dadi sentra produksi kerajinan jinis tembikar utawa Tempayan Chilhyang kang digunake kanggo nyimpen panganan kang difermentasekake.[1] Tempayan Chilhyang digunakake kanggo nyimpen kimchi, gochujang, doenjang lan ganjang.[1] Sentra produksi tempayan Chilhyang ana ing desa Bonghwang, kecamatan Chilhyang cedhake Teluk Gangjin.[1] Biyen, desa iki wis ngekspor tempayane ing pirang-pirang propinsi kayata Chungcheong, Hwanghae lan kutha Gangneung ing propinsi Gangwon.[1]

[sunting] Kramik Ijo Goryeo

Tungku-tungku produksi kramik ijo Goryeo dumunung ing desa Yong-un, Gye-yul, Sadang, Sudong ing kecamatan Taegu.[1] Kabupaten Gangjin yaiku kawasan produksi kramik ijo kawit jaman Dinasti Goryeo (935-1397).[1] Ana sekitar 400 tungku kramik ijo ing Gangjin.[1] Ing antarane 188 tungku dianggap minangka situs bersejarah kang dijaga dening pemerintah.[1] Tungku-tungku iiki digawe ing abad kaping 9 nganti abad kaping 14.[1] Kanggo ngenalake kramik ijo Goryeo marang masarakat, pemerintah daerah kabupaten Gangjin nganakake Festival Kramik Ijo Gangjin saben tahune.[2]

[sunting] Delengen uga

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l Kim, Joo-young (Winter 1999). "Kangjin". Koreana 19.
  2. (en)Gangjin Celadon Festival, visitkorea. Diundhuh tanggal 31 Mei 2010.

Cithakan:Jeolla Selatan Cithakan:Korea-stub

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gangjin&oldid=634255"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès