Gambyong pareanom

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gambyong Pareanom (sumber:Soedarsono, R. M. 2002. Seni Pertunjukan Indonesia di Era Globalisasi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

Gambyong Pareanom mujudaken salah sawijining beksan Gambyong ingkang wonten ing kraton Mangkunagaran. [1] Beksan punika pinathok ing werni gendhera Mangkunegaran inggih punika ijo lan kuning. [1]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Beksan Gambyong mujudaken beksan ingkang wiwitaipun dipunbeksakake dening para taledhek. [1] Beksan iki banjur dibesut dening Kraton Mangkunegaran saengga dadi beksan kang luwih alus. [1] Miturut tradhisi lisan ing tlatah Pati Gambyong iku jenengane waranggana kang trampil lan prigel anggone mbeksa. [2] Beksan Gambyong iku wiwitane tarian rakyat kang dibeksakake denging taledhek lan padatan dianggo ing satengahing bebrayan agung ingaranan tayub. [1] Para taledhek iku mbeksa sinambi nembang. [1] Ing satengahing mebksa lan nembang mau, para taledhek uga ngajak wong-wong lanang sing padha nonton (mligine sing sugih) supaya ''ngibing'' bareng. [1] Sing dadi garapan Kraton Mangkunagaran dudu taledhek kang ngibing bareng wong lanang iku, nanging nalika dheweke njoged dhewe sinambi mincut para wong lanang kang pengin ngibing bareng dheweke. [1]. Gandheng garapane bedha saka tarian asline, gambyong kang dibesut dening Kraton Mangkunegaran ora nganggo nembang maneh, wujude tarian uga pinathok dening paugeran-paugeran beksan saka kraton.[1]


Nalika jamane Mangku Nagara V (1881-1896), beksan Gambyong dikirim minangka duta kesenian ing nagari Walanda. [1] Iki pisanan Gambyong disuguhake ing sangarepe “forum bergengsi”. [1] Jebul para ahli lan sutresna budhaya ing nagari Walanda remen marang beksan Gambyong. Mulane,wiwit wektu iku Gambyong mesthi disuguhake nalika nyambut tamu-tamu kraton. [1] Nalika paprentahane Mangku Nagara VII (1944-1986), yaiku taun 1950, Gambyong Pareanom digarap dening Nyi Bei Mintararas. [1] Beksan Gambyong Pareanom iku sengaja digarap lan disuguhake ing pahargyan dhauping Gusti R. A. Siti Nurul Kamaril Ngasarati Kusumawardhani kaliyan R. M. Suryasurarsa. [1] Sapunika, Beksan Gambyong Pareanom dipunsuguhaken minangka beksan “sugeng rawuh” kangge nyambut tamu-tamu ingkang rawuh ing kraton. [1] Kajaba punika,boten namung wonten kraton kemawon, nanging ing papan panggenan pariwisata kadosta Ambarukmo Palace Hotel ugi asring ngedalaken beksan Gambyong Pareanom kangge nyambut tamu (senajan tata busananipun boten sami persis kaliyan gaya Mangkunegaran). [1]

Tata Rias lan Busana[sunting | sunting sumber]

Gambar Cunduk Mentul

Sanajan sampun dipunbesut kanthi alus ngangge paugeran-paugeran beksan kraton, ing babagan busana taksih ketingal bilih beksan Gambyong punika asalipun saking tarian rakyat. [1]

Busana ingkang dipunagem nalika mbeksa taksih kagolong sederhana, boten kados busana beksan kraton kadosta Bedhaya lan Srimpi. [1] Busana penari gambyong dipunwastani angkinan utawi kembenan. [3] Penari Gambyong ngagem jarik ingkang dipunwiru ngajeng lan angkin utawi kemben kangge nutup payudara. [1] Padatan kemben punika corakipun manalagi, nanging kadhang kala nggadhahi motif ngangge benang mas. [2] Dhadha ingkang nginggil boten katutup kemben, namung wonten kalung kang gumantung. Sampur (lendang) dipunsampiraken ing pundhak sisih tengen. [1][2] Perhiasan ingkang dipunagem inggih punika kalung, subang (suweng), lan gelang. [2] Rikmanipun dipungelung radi wiyar, dipuntutupi harnet, dipasangi cunduk mentul lan cunduk jungkat. [2] Cunduk mentul dipunpasang ing gelungan utawa sanggul, dene cunduk jungkat ing mbun-mbunan. [2] Ing gelung uga dipunparingi roncenan kembang mlathi. [2]

Gambyong Pareanom[sunting | sunting sumber]

Tata busana beksan Gambyong Pareanom lan beksan Gambyong utawi taledhek namung sami ing bab pangagemipun jarik.[1] Dene sanes-sanesipun benten. [1] Penari beksan Gambyong Pareanom nutup jajanipun (payudara) ngagem mekak. [1] Penari beksan Gambyong Pareanom ugi ngagem jamang kados penari Srimpi gaya Mangkunagaran ing mustakanipun.[1] Sampur boten namung dipunsampiraken kados taledhek, nanging dipuniket ing padharan banjur dipunkencengi ngagem sabuk pending. [1] Pucuk-pucuking sampur nggantung ing ngarepan, tiba nganti meh tekan lemah. [1] Gelang ingkang dipunagem boten namung gelang sakwontenipun, nanging ugi ngagem kelat bahu, inggih punika gelang ingkang dipuanagem ing lengen. [1] Kalung lan sumping ingkang dipunagem dening penari Srimpi ugi dipungem dening penari Gambyong Pareanom. [1]

Wujud Tari[sunting | sunting sumber]

Menawi dipuntingali saking busana,boten ketingal bilih beksan Gambyong Pareanom sejatosipun beksan saking tarian rakyat. [1] Nanging menawi dipunjingglengi kathi premati,obahing awak (gerak), ragam jogedipun taksih sederhana lan ketingal sanget anggenipun mendhet gerakan jogedane taledhek. [1] Bentenipun, taledhek punika njoged sinambi nembang lan jogedanipun kanthi improvisasi, nanging penari Gambyong Pareanom boten. [1] Penari Gambyong Pareanom kedah manut paugeran-paugeran ingkang sampun dipuntemtokaken dening koreografer lan boten nembang. [1] Beksan Gambyong Surakarta lan beksan Golek Yogyakarta nggadhahi tema lan koreografi ingkang sami. [4] Beksan Gambyong lan beksan Golek punika kalebet tari tunggal, nanging saged dipunsuguhaken kanthi sesarengan, kathah tiyang. [1] Kekalihipun nggambaraken daya tarik wong wadon kang isih enom, nanging beksan Gambyong ngundhang birahi lan mencut wong lanang. [1] Pramila,beksan Gambyong iku dipunbeksakaken kanthi esem kang kenes. [1] Nanging kejaba punika, beksan gambyong ugi mujudaken gambaran watak wanodya Jawi ingkang alus.[5].

Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai (id) Soedarsono, R. M. 2002. Seni Pertunjukan Indonesia di Era Globalisasi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. (Kaca 306-310)
  2. ^ a b c d e f g (id) Dahlan, Dandang Ahmad. 2005. Tayub Pati dan Ledeknya. -: Ciptamedia Binanusa. (Kaca 18)
  3. ^ (id) Tari Gambyong (dipunundhuh 4 Maret 2011)
  4. ^ (en) Brakel, Clara. 1995. Classical Javanese Dance: the Surakarta Tradition and Its Terminology. Leiden: KITLV Press
  5. ^ (id)Wisata Budaya (dipunundhuh 4 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gambyong_pareanom&oldid=677383"