Gajah segara
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gajah segara iku kéwan sajenising asu segara sing gedhé awaké lan urip ing pasisir cedhak segara. Kéwan iki kalebu genus Mirounga. Ana rong jenis spésies: gajah segara lor (M. angustirostris) lan gajah segara kidul (M. leonina). Loro-loroné dibedhog nganti mèh punah ing abad kaping 19. Nanging sawisé iku wis bisa lestari manèh lan saiki cacahé akèh banget.
Gajah segara lor uripé ing pasisir kulon Amérika Sarékat, Meksiko lan Kanada. Banjur gajah segara kidul uripé ana ing belahan donya kidul kaya ta ing South Georgia, Pulo Macquarie lan pasisir Sélandia Anyar, Afrika Kidul lan Argentina ing Tanjung Valdés.
Pranala jaba [sunting]
Pirsani galeri bab Gajah segara ing Wikimedia Commons.