GFDL
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Lisensi Dokumentasi Bebas GPL (GNU FDL) sing nganggo basa Inggris yaiku sing ngiket sacara hukum. Terjemahan edisi basa Jawa iki dikarepaké bisa mbiantu penutur Basa Jawa luwih paham bab Lisensi Dokumentasi Bebas GPL (GNU FDL).
Versi 1.2, November 2002
Hak Cipta (C) 2000,2001,2002 Free Software Foundation, Inc. 59 Temple Place, Suite 330, Boston, MA 02111-1307 USA Sapa wae bebas nyalin lan nagkaraké salinan utuh lisensi dokumen iki, nanging ora kena ngowahi.
Prakata
Tujuan lisensi iki sepisan, kanggo nggawé manual, buku pedoman, utawa dokumen bebas fungsional lan migunani, minangka jaminan bahwa sapa wae sacara bebas bisa lan éntuk meng-copy lan nyebaraké, sing wis nganggo owah-owahan utawa uga sing isih asli, sacara komersil utawa non komersil. Kaping pindone, lisensi iki kanggo nglindhungi penulis lan penerbit saka owah-owahan tulisan sing kurang bertanggungjawab.

