Friedrich Ratzel
Friedrich Ratzel (lair Jerman 30 Agustus 1844) yaiku wartawan lan penulis pirang-pirang buku ngenani etnologi, geografi manungsa, lan politik.[1] Friedrich Ratzel minangka pencetus teori ruang (lebensraum) ing bidhang sosial kebangsaan.[1]
[sunting] Panguripan
Friedrich lair tanggal 30 Agustus 1844, ing Karlsruhe, Jerman.[2] Friedrich Ratzel duweni bapak kang minangka sawijining manajer staf rumah tangga Grand Duke saka Baden.[2] Dheweke sekolah ing perguruan tinggi Karlsruhe suwene 6 taun, sadurunge nyambut gawe ing apotek taun 1859.[2] Sawise kuwi, ing taun 1863, Ratzel sinau klasik (ilmu sosial) ing Danau Zurich, Swiss.[2] Sawise nyambut gawe minangka apoteker ing dhaerah Ruhr (1865-1866), dheweke sekolah maneh ing perguruan tinggi Karlsruhe. Banjur Ratzel nerusake sekolahe lan dadi mahasiswa zoologi ing Universitas Heidelberg, Berlin.[2] Ing taun 1868, Ratzel gawe sawijining tesis ngenani karakteristik lan cacing saka buku karya Charles Darwin, yaiku Origin of Species kang wis ana kawit taun 1859.[2]
[sunting] Cathetan suku
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Ratzel Friedrich Ratzel |
- ↑ a b (en) Friedrich Ratzel Biographi, www.bookrags.com. Diudhuh tanggal 12 Juni 2010.
- ↑ a b c d e f (en) Some Biogeographers, evolutionis and ecology: Chrono-Biographical Sketches Sketsa biografis Chrono, people.wku.edu. Diundhuh tanggal 12 Juni 2010.