Frans Seda
|
Frans Seda
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 6 Juni 1968 – 28 Maret 1973 |
|
| Pejabat sadurungé | Jatidjan Sutopo |
| Pengganti | Basuki Rachmat |
|
|
|
| Mangsa jabatan 25 Juli 1966 – 6 Juni 1968 |
|
| Pejabat sadurungé | Sumarno |
| Pengganti | Ali Wardhana |
|
|
|
| Mangsa jabatan 24 Februari 1966 – 25 Juli 1966 |
|
| Pejabat sadurungé | Sadjarwo |
| Pengganti | Sutjipto |
|
|
|
| Lair | 4 Oktober 1926 |
| Tilar donya | 31 Desember 2009 (umur 83) |
| Agama | Kristen |
Franciscus Xaverius Seda (lair ing Flores, Nusa Tenggara Wétan, 4 Oktober 1926 – tilar donya ing Jakarta, 31 Desember 2009 kanthi yuswa 83 taun) inggih menika salah satunggalipun pulitikus, mentri, tokoh gréja, pengamat pulitik, lan pengusaha Indonésia.[1][2][3] Sasampunipun tamat SD ing Flores 1940, panjenenganipun tindak dhateng Munthilan, Jawa Tengah.[1] Sinambi sekolah ing SMP, panjenenganipun nyambut damel dados tukang suket, tukang ngadhuk panganan, lan pamerah susu ing satunggalipun paternakan ing èrèng-èrèngipun redi Merapi.[1] Panjenenganipun ugi naté dados loper susu lan tukang tagih rékening.[1]
Lulusan saking Katholieke Economische Hogeschool ing Tilburg, Walanda, menika hijrah dhateng Jakarta kanggé nyambut damel wiraswasta.[1] Salajengipun Frans Seda aktif ing pulitik minangka Ketua Umum DPP Partai Katulik ngantos dados anggota MPRS lan DPR-GR.[1] Wonten ing pamaréntahan, Frans Seda naté njabat dados Mentri Perkebunan wonten ing Kabinèt Kerja IV (1963-1964), Mentri Kauangan Kabinèt Ampera I lan II (1966-1968), sarta Mentri Perhubungan lan Pariwisata Kabinèt Pembangunan I (1968-1973).[1]
Sasampunipun boten njabat dados mentri, Frans Seda njabat dados utusan ageng Indonésia ing Brussel, kanggé Belgia lan Luxembourg lan ngrangkep dados kepala pawakilan Indonésia kanggé Masarakat Ékonomi Éropah (MEE).[1] Sasampunipun kondur dhateng Indonésia, panjenenganipun dados anggota Dhéwan Pertimbangan Agung (DPA) wiwit taun 1976.[1]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e f g h i (id)Frans Seda dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
- ↑ (id)Frans Seda Dedikasi dan Integritas untuk Bangsa dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
- ↑ (id)Frans Seda dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
[sunting] Pranala Njawi
(id)Frans Seda
