Frank McNamara
Frank McNamara yaiku penggagas kertu kredhit. [1] Sawijing dina, yaiku taun 19489, sawijining pengusaha asal New York kang sugih, lagi mangan ing wayah wengi karo bojone.[1] Sawise bubur mangan, dheweke bingug amarga lali gawa dompet.[1] Tujune, bojone gawa duwit kang cukup. [1]Kedadeyan mau, gawe McNamara mikir kepriye carane gawe kertu kredit.[1]
Nalika taun 1950, McNamara bekerjasama karo sawijining pengusaha kang jenenge Ralp Schneider saperlu nerbitake kertu kredit kang wiwitan. [2]Kertu iki diarani Diners Club.[2] Kertu iki minangka kertu kredit wiwitan kang dianggep sah kang digunakake minangka piranti pembayaran.[2] Nanging, kertu iki mung bisa kango bayar mangan, ora kanggo blanja. [2]Nalika wiwitan, Diners Club duweni 200 nasabah lan ditampa ing 27 warung mangan. [2]Ing taun candhake, cacahe nasabah wis ngancik rong puluh ewu wong kang dadi nasabahe. [2]Diners Club ora mung ana ing New York, nanging uga nganti tekan kutha-kutha liyane ing Amerika Serikat, kayata Miami, Chicago, Boston, Los Angeles, lan San Fransisco. [2]Taun 1952, Diners Club nyebar tekan rong atus negara ing dunya.[2] Taun 1973. Diners Club mlebu ana ing Indonesia. Saiki kertu kredit sansaya ngrembaka.[2] Jinis lan pemanfatane uga werna-werna, ing anatarane yaiku Diners Club, American Express, Discover, MasterCard, Visa, lan BCA Card.