Formalisme (seni)
Formalisme yaiku doktrin utawa praktik kasregepan kang seksama marang bentuk kang duweni corak utawa bentuk-bentuk eksternal liyane.[1] Corak-corak elemen formal yaiku garis, bentuk, werna lan liya-liyane, kang bisa dikombinasekake kanggo mroduksi sekabehane gaya lan efek.[1]
Formalisme urip saka estetika "seni kanggo kepentingan seni" (Art for Art’s Sake) ing abad kaping 19, aktivitas arstistik minangka pungkasan ing awake dhewe.[1] Para pengikut saka formalisme murni deleng yen karya seni kanthi bebas adhedhasar konteks, fungsi lan isine.[1] Wong-wong mau padha ngrespon elemen formal lan efek estetikane.[1]
Bab lan Paragraf |
Bird in Space [sunting]
Bird in Space (1928) minangka karya saka seniman Constantin Brancusi.[2][1] Akeh-akehe saka efek asil karyane mau tergantung marang vertikalitase.[1] Nanging karya seni mau uga duweni garis kang melengkung, proporsi kang alus, lan permukaan perunggune mancarake pantulan.[1] Wernane kang wernane emas ngelingake wong ngenani srengenge lan nguwatake hubungane karo manuk lan langit.[1]
Fur-Covered Cup, Saucer and Spoon [sunting]
Fur-Covered Cup, Saucer and Spoon (Le Dejeuner en Fourrur) yaiku karya seni saka Meret Oppenheim asal Swiss kang dikreasekake ing taun 1936.[1] Bentuk cangkir ngelingake wong mikir ngenani carane ngombe kanthi nyenggolake lambe karo barang mau, nanging amarga teksture kang ana wulune pungkasane ora bisa ditindakake.[1]