Flacourtiaceae
Flacourtiaceae iku suku tetanduran sing tau dianggo ing taksonomi versi lawas. Panglompokan iki saiki ditinggalaké jroning klasifikasi sing nglebokaké aspèk filogeni molekulèr. Rukem lan kluwek minangka tetanduran migunani sing dadi anggota suku iki.
Jroning sistem klasifikasi Cronquist, suku iki nyakup 89 genera kanthi luwih saka 800 spesies sing urip saiki. Panglompokan jroning suku iki dikritik amarga dhéfinisi sing ombèr lan tau dianggep minangka "papan pambuangan" tumrap genera sing anèh utawa nduwèni sipat unik.[1] Bahkan sejak tahun 1975, Flacourtiaceae dianggap oleh Hermann Sleumer sebagai "fiksi".[2]
Suku iki banjur dilebur jroning sistem klasifikasi APG II sing nglebokaké informasi filogeni molekulèr. Anggota-anggotané banjur dipapanaké ing suku-suku liyané, utamané Achariaceae lan Salicaceae sensu lato. Sawetara taksonom luwih seneng mérang Salicaceae jroning Salicaceae sensu stricto, Scyphostegiaceae, lan Samydaceae.[3]
Ing ngisor iki dhaptar genera sing tau dadi anggota Flacourtiaceae (ing jero tandha kurung suku sing saiki kacakup)[4]:
|
|
|
Gerrardina saiki dipapanaké ing suku dhéwé: (Gerrardinaceae)[5]
Rujukan [sunting]
- ^ Mark W. Chase, Sue Zmarzty, M. Dolores Lledó, Kenneth J. Wurdack, Susan M. Swensen, and Michael F. Fay. 2002. "When in doubt, put it in Flacourtiaceae: a molecular phylogenetic analysis based on plastid rbcL DNA sequences." Kew Bulletin 57(1):141-181.
- ^ Regis B. Miller (1975). "Systematic anatomy of the xylem and comments on the relationships of Flacourtiaceae". Journal of the Arnold Arboretum 56(1):79.
- ^ Kenneth J. Wurdack and Charles C. Davis. 2009. "Malpighiales phylogenetics: Gaining ground on one of the most recalcitrant clades in the angiosperm tree of life." American Journal of Botany 96(8):1551-1570. (see External links below)
- ^ Salicaceae sensu lato
- ^ Alford, M. H. (2006).Gerrardinaceae: a new family of African flowering plants unresolved among Brassicales, Huerteales, Malvales, and Sapindales. Taxon 55(4):959–964