Firman Utina
![]() |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Firman Utina | ||
| Tanggal lair | 15 Desember 1981 (umur 31) | ||
| Papan lair | Manado, Indonesia | ||
| Dhuwur | 1.65 m (5 ft 5 in) | ||
| Posisi pamain | Gelandang Serang | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Sriwijaya FC | ||
| Nomer | 15 | ||
| Karir remaja | |||
| 1993 - 1994 | Indonesia Muda Manado FC | ||
| 1995 - 1998 | Bina Taruna Manado FC | ||
| 1998 - 1999 | Persma Manado Junior | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 2000-2004 | Persita Tangerang | 65 | (8) |
| 2005-2006 | Arema Malang | 38 | (4) |
| 2007-2008 | Persita Tangerang | 29 | (0) |
| 2008-2009 | Pelita Jaya | 40 | (3) |
| 2010 (6 Bulan) | Persija Jakarta | 15 | (0) |
| 2010- | Sriwijaya FC | 11 | (0) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2000 | |||
| 2000 | |||
| 2001 - 2003 | |||
| 2001- | 53 | (5) | |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 1 Juli 2011. † Appearances (Goals). |
|||
Firman Utina lair wonten ing kampung Komo Luar, Manado nalika tanggal 15 Désémber 1981.[1]Firman Utina menika kapten énggal timnas Indonésia sasampunipun Bambang Pamungkas asring dados cadangan kaliyan pelatih Alfred Riedl.[2]
Firman Utina miwiti karir wonten ing klub Sepakbola Indonésia Muda ingkang wonten ing dhaérah Manado. [2]Sasampunipun dangu wonten ing sekolah bal-balan menika, Firman Utina lajeng pindhah wonten ing klub amatir Bina Taruna, sasampunipun yuswanipun sampun cekap, Firman Utina lajeng sekolah wonten ing sekolah bal-balan.[2] Firman Utina sangsaya trampil kanggé main bal-balan.[2] Sasampunipun tigang tau main wonten ing klub amatir menika, Firman Utina lajeng mlebet wonten ing Persma Junior.[2] Persma Junior menika salah setunggaling tim semi-profesional ingkang wonten ing dhaérah menika.[2]
Proses kanggé mlebet wonten ing Persma Junior menika mboten kados seleksi pemain bal ingkang sanés.[2] Firman Utina menika dipunrekrut sasampunipun nyithak 12 gol nalika main ing salah setunggaling pertandingan wonten ing turnamen klub lokal ing Manado.[2] Pelatih Persma Manado ingkang namanipun Benny Dollo menika nggadhahi pepenginan kanggé mangertosi kaliyan striker lokal ingkang saged nyithak gol ingkang cacahipun setunggal lusin menika.[2] Sasampunipun menika, Firman lajeng mlébet dados anggotanipun Persma.[2] Samenika Firman dados pemain ingkang misuwur wonten ing klub utawi nasional.[2] Pemain ingkang nggadhahi posisi dados gelandhang menika misuwur nggadhahi mobilitas ingkang saé, tendangan ingkang santer saha pantheng.[2] Nalika tanding kaliyan Laos wonten ing piala AFF 2010, Firman menika saged ndamel gol ingkang cacahipun kalih wonten ing gawang Laos.[2]
Cathetan suku [sunting]
|
|||||||
