Film Israèl
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Film Israèl (Ibrani: קולנוע ישראלי Kolnoa Yisraeli ) iku film sing digawé ing Israèl utawa déning sutradara saka Israèl. Ing taun-taun kapungkur iki akèh film Israèl sing dièkspor lan suksès ing nagara ngamanca. Biasané film-film Israèl nayangaké téma-téma kusus Israèl. Mayoritas film Israèl nganggo basa Ibrani. Nanging akèh sing nganggo basa Arab lan basa Inggris.
Film Israèl wis wiwit berkembang saka taun 1950-an senadyan wis akèh Wong Yahudi sing nggawé film ing Palèstina sadurungé iku.