Fifi Young
| Fifi Young | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Tan Kiem Nio 12 Februari 1914 Cithakan:Bendera belanda Aceh, Hindia Belanda |
| Tilar donya | 5 Maret 1975 (umur 61) |
| Pagawéyan | Aktris |
| Taun aktif | 1940 - 1975 |
| Garwa | Njoo Cheong Seng |
Fifi Young (lair ing Sungai Liput, Aceh, 12 Februari 1914 – tilar donya ing Jakarta, 5 Maret 1975 kanthi yuswa 61 taun).[1]Fifi Young iku salah sijiné pemeran Indonesia. [2]Fifi dilairaké saka bapak kang nduwèni kebangsaan Perancis.[2] Bapaké Fifi seda nalika Fifi isih bayi, dené ibuné Fifi Young iku Tionghoa.[2] Nalika lair, Fifi diwenéhi jeneng Tan Kiem Nio. [2] Nalika umuré isih 14 taun, Fifi nikah karo Njoo Cheong Seng, salah sijiné sutradara lan pengarang Indonesia.[2] Tan Kiem Nio banjur njupuk jeneng panggung yaiku "Fifi Young".[2] Jeneng kulawarga Nyoo ing dialek Hokkian munine Young ing bahasa Mandarin. Mulané iku Fifi nganggo jeneng mburi iku.[2] Dené jeneng Fifi dijupuk saka jeneng bintang film Perancis kang misuwur nalika iku.[2] Bintang film iki jenengé Fifi d'Orsay. [2]
Dadi sutradara teater lan uga sutradara film, Nyoo Cheong Seng akéh nganakaké pentas karo para rombongané "Miss Riboet's Orion" ing panggonan-panggonan ing Indonesia lan nganti tekan Malaya, kang saiki misuwur kanthi jeneng Malaysia, Singapura, lan uga ing India.[2] Mulané iku nalika pungkasan taun 1920-an, Fifi uga melu pentas ing negara-negara mau.[2] Fifi nduweni kabisan akting lan nari.[2] Nalika Fifi sakanca main ing Kuala Lumpur, gubernur Malaya kerep teka kanggo nonton lan gubernur iki kang mimpin jargon '"One, two, three, we want Fifi!".[2]
Nalika taun 1930-an Nyoo nggabung karon Dardanella, klompok sandiwara keliling kang misuwur ing Indonesia nalika iku.[2] Fifi uga dadi anggotané kalompok iki.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
