Ferdinand II saka Aragon
| Ferdinand II | ||
|---|---|---|
| Raja Aragon, Raja Napoli, lan liya-liyané. | ||
| Mréntah | 1479-1516 | |
| Miyos | 10 Maret 1452 | |
| Tilar donya | 23 Januari 1516 (umur 63) | |
| Spanyol | ||
| Pendahulu | Juan II (Aragon) Louis XII (Napoli) |
|
| Pangganti | Karl V, Kaisar Romawi Suci (Carlos I saka Spanyol) |
|
| Consort | Isabella saka Kastilia | |
| Yoga | Juana saka Kastilia Isabel saka Asturias Juan, Pangéran Asturias María saka Aragon Catalina saka Aragon |
|
| Wangsa | Wangsa Trastamara | |
| Bapa | Juan II | |
| Ibu | Juana Enriquez | |
Ferdinand II saka Aragon "Sang Katulik" (Basa Spanyol: Fernando de Aragón "el Católico", basa Katalan: Ferran d'Aragó "el Catòlic", basa Aragon: Ferrando II d'Aragón "lo Catolico", uga Fernando V saka Spanyol; lair 10 Maret 1452 – tilar donya ing Spanyol, 23 Januari 1516 kanthi yuswa 63 taun) iku Raja Aragon (1479–1516), Kastilia, Sisilia (1468–1516), Napoli (1504–1516), Valencia, Sardinia lan Navarra sarta Pangéran Barcelona. Masa pamaréntahan Ferdinand, bebarengan sisihané Isabel, arupa awal saka kajayan Spanyol ing Eropah lan ing donya.
Ferdinand iku putrané Juan II saka Aragon liwat sisihan kapindhoné, bangsawan Kastilia Juana Enriques. Panjenengané palakrama karo Isabel, sedulur tiri lan pawaris takhta Raja Enrique IV saka Kastilia, ing Valladolid, 19 Oktober 1469. Panjenengané dadi raja suri Kastilia nalika Isabella munggah takhta ing Kastilia ing taun 1474. Nalika Ferdinand marisi takhta bapané ing Aragon (1479), takhta Kastilia lan takhta Aragon ing Spanyol dimanunggalaké liwat pasangan iki. Pasangan iki ditélakaké minangka Panguwasa Katulik déning Paus Aleksander VI. Awal kakuwasaan kaloroné dipigunakaké kanggo naklukaké Granada, dhaérah Islam pungkasan ing Iberia, sing kasil digayuh taun 1492. Ing taun kang padha, dumadi pangusiran gedhé-gedhéan marang Muslim lan Yahudi ing Iberia, lan pangiriman Christopher Colombus sing pungkasané mawa penemon-panemonané ing Donya Anyar. Panjenengané uga napakastani Prajanjian Tordesillas (1494), sing mérang dhaérah kakuwasaan Portugal lan Spanyol.
Sabanjuré panjenengané katut jroning rebutan wilayah-wilayah ing Italia karo Karajan Prancis, sing disebut Peperangan Italia. Dibantu jendralé Gonzalo Fernández de Córdoba, Fernando kasil ngrebut manèh Napoli saka tangan Prancis taun 1504. Panjenengané uga nuli kasil ngrebut Navarra, Milan (nanging nuli direbut manèh déning Prancis), lan nggabung karo Liga Suci Venesia lan Prajanjian Westminster. Ferdinand tilar donya ing Madrigalejo, Cáceres, Extremadura, taun 1516.
| Didhisiki déning: Juan II |
Raja Aragon, Valencia, Majorca, lan Pangéran Barcelona 1479-1516 |
Diganti déning: Carlos I |
| Didhisiki déning: Juan II |
Raja Sisilia 1468-1516 |
Diganti déning: Carlos I |
| Didhisiki déning: Louis XII |
Raja Napoli 1504-1516 |
Diganti déning: Carlos I |
| Didhisiki déning: Catalina |
Raja Navarre Hulu 1512-1515 |
Diganti déning: diserap ke Tahta Kastilia |
| Didhisiki déning: Enrique IV |
Raja Kastilia lan Leon 1474-1504 bebarengan Isabel I |
Diganti déning: Juana lan Felipe I |