Feni Rose

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Feni Rosewidyadhari
Lair 1 November 1973 (umur 38)
Flag of Indonesia.svg Malang, Indonesia
Jeneng liya Feni Rose
Pagawéyan Pembawa acara
Bintang iklan

Feni Rose (asma jangkep: Feni Rosewidyadhari) (lair ing Malang, Jawa Timur, 1 November 1973; umur 38 taun).[1]Feni Rose menika salah setunggaling présénter tivi, bintang iklan, saha pengusaha ingkang asalipun saking Indonésia. [2]Feni Rose misuwur amargi aktingipun dados Ibu Dewi wonten iklan sabun umbah-umbah utawi deterjen.[2] Kejawi menika, Feni Rose ugi misuwur amargi dados presenter infotainment Silet ing RCTI, saha dados presenter acara olahraga Formula 1 ing RCTI, TPI, saha ing Global TV.[2]

Feni Rose menika lulusan FISIP Antropologi Universitas Indonésia nalika taun 1998.[2] Feni miwiti karir wonten ing tivi nalika taun 1999 nalika dados présénter segmen kuis acara GP Formula 1 ing RCTI.[2] Nalika Maret 2002 sasampunipun RCTI mboten nyiaraken F1, Feni Rose pikantuk posisi dados presenter babak kualifikasi Formula 1 (ingkang misuwur kanthi nama TPI Sport amargi alesan irah-irahahn acara) ing TPI (samenika MNCTV). [2]Salajengipun Feni Rose dados presenter taun 2003.[2] Kejawi F1, Feni Rose ugi dados presenter ing acara “Perempuan” ing MetroTV sesarengan kaliyan Ojie Naniek, Maudy Koesnaedi, Melanie Subono, saha Caroline Zachrie. [2]Kejawi dados bintang iklan sabun cuci saha pembawa acara infotainment “Silet” wonten ing RCTI, Feni ugi dados presenter ing acara “Liga Italia Serie-A” ing TPI MNCTV).[2] Samenika, Feni ugi nate dados juri wonten ing salah setunggaling acara prodhuksi Helmy Yahya ingkang namanipun Penghuni Terakhir ing Antv wiwit 2010 kepengker.[2] Feni ugi misuwur dados instruktur tari tradhisional.[2] Kejawi menika, sesarengan kaliyan garwanipun inggih menika Enkito Herman Nugroho, Feni ugi dados salah setunggaling prodhuser saha gadhah griya produksi Light’s on Production.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. Cithakan:Iselebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 21 September 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l (id)nusantaraku.org(dipununundhuh tanggal 21 September 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Feni_Rose&oldid=676324"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès