Februari 2009

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Turkish Airlines 1951
Turkish Airlines 1951

25 Februari 2009 - Turkish Airlines Pamaburan 1951 dhawah ing Bandar Udhara Schiphol, Amsterdam, Walandi. Kacilakan puniki niwasaken 9 panumpang saha awak saking ing gunggung 127 panumpang lan awak pesawat.

23 - Film India-Inggris Slumdog Millionaire mimpangaken 8 piala Oscar. (Tempo-interaktif])]

21 - Wikipedia basa Indonésia sapuniki sampun anggadhahi 100.000 artikel. Artikel kaping 100.000 punika irah-irahanipun Luck By Chance, satunggalipun film India déning panganggé anonim (120.163.51.107).

21 - Para aktivis pro-kamanungsan antawisipun Amnesty International, kagèt mireng pangandikanipun Menlu Amérika Sarékat, Hillary Clinton perkawis hak-hak asasi manungsa ing Cinten. (Yahoo!)

20 - Kyrgyzstan meksa badhé nutup markas Angkatan Udhara Amérika Sarékat ing ngrika. Amérika nginten manawi Rusia sajatinipun ingkang andhalangi. (AP via Yahoo!)


18 - Wolung suster saha sopiripun tiwas dhawah ing jurang ing Kabupaten Muara Enim, Sumatra Kidul. (Republika Online)

16 - Kapal silem nuklir Angkatan Laut Prancis (Le Triomphant) lan Britania (HMS Vanguard) tabrakan ing nalika tanggal 4 Februari, nanging ngantos sapuniki dipun rahasyakaken. (The Press Association via Yahoo!)

13 - Pulitikus Walandi Geert Wilders ingkang gadhah kekarep nedhahaken film anti-Islam Fitna dipun penging mlebet Britania Raya lan kedhah langsung wangsul menyang Walandi malih. (The Press Association via Yahoo!)

12 - Montor mabur Continental Airlines Pamaburan 3407 dhawah ing Clarence Center, New York, AS niwasaken 48 jiwa salebeting pesawat lan 1 ing siti. (Yahoo!)

12 - Satelit AS (Iridium 33) lan Rusia (Kosmos-2251) tabrakan ing antariksa. (AP via Yahoo!)

11 - Morgan Tsvangirai dilantik dadi Perdana Menteri Zimbabwe.

9 - Korban alas-alas sing kobong ing Australia dadi saya mundhak. Saiki wis ana 135 jiwa sing tiwas. (BBC World)

7 - Alas-alas sing kobong ing Australia niwasaké welasan jiwa. (BBC World)

5 - Republik Indonesia saiki ndarbèni Atlas Resmi. Atlas resmi sing sadurungé dianggo yaiku Atlas Resmi Hindia-Walanda weton taun 1938. (BBC World)

4 - Para ngèlmuwan nemokaké fosil ula gedhé sing nganti saiki ditepungi ing tlatah lor-wétan Kolombia. (Nature)

3 - Ketua DPRD Provinsi Sumatra Lor, Aziz Angkat, tiwas dikroyok massa démonstran ing Medan. (The Jakarta Post)

Gunung Asama
Gunung Asama

2 - Gunung Asama (gambar) njeblug lan nyebabaké sebagéyan Tokyo udan awu. (The Jakarta Post)

[sunting] Mangga mirsani


Januari-Februari-Maret-April-Mei-Juni-Juli-Agustus-September-Oktober-November-Desember


Dasawarsa Februari Taun :
1900-an 1900 1901 1902 1903 1904 1905 906 1907 1908 1909
1910-an 1910 1911 1912 1913 1914 1915 1916 1917 1918 1919
1920-an 1920 1921 1922 1923 1924 1925 1926 1927 1928 1929
1930-an 1930 1931 1932 1933 1934 1935 1936 1937 1938 1939
1940-an 1940 1941 1942 1943 1944 1945 1946 1947 1948 1949
1950-an 1950 1951 1952 1953 1954 1955 1956 1957 1958 1959
1960-an 1960 1961 1962 1963 1964 1965 1966 1967 1968 1969
1970-an 1970 1971 1972 1973 1974 1975 1976 1977 1978 1979
1980-an 1980 1981 1982 1983 1984 1985 1986 1987 1988 1989
1990-an 1990 1991 1992 1993 1994 1995 1996 1997 1998 1999
2000-an 2000 2001 2002 2003 2004 2005 2006 2007 2008 2009
2010-an 2010 2011 2012 2013 2014 2015 2016 2017 2018 2019
2010-an 2020 2021 2022 2023 2024 2025 2026 2027 2028 2029
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Februari_2009&oldid=676240"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès