Februari 2008

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

29 Februari 2008 – Penulis Amérika Sarékat asal Belgia, Misha Defonseca, ngakèni menawi buku karanganipun perkawis pengalamanipun minangka korban Perang Donya II: Misha: A Memoire of the Holocaust Years namung damel-damelan kémawon utawi fiksi. (AP)

27 - Ing pungkasaning taun 2008, PBB nginten menawi sepalih utawi 50% pedunung donya bakal manggèn wonten kitha-kitha. (Reuters)

23 - Muhammad Ismail, manten Gubernur Provinsi Jawa Tengah mangsa bekti 1983-1993, séda ing Semarang.

Fidel Castro
Fidel Castro

19 - Fidel Castro mundur dhiri saking jabatanipun minangka Presiden Kuba, lan dipun-gantos déning rayinipun, Raul Castro. (Reuters)

17 - Parlemen Kosovo proklamasi kamardikan negara puniki saking Serbia. Proklamasi puniki dipun-sekuyung Amérika Sarékat saha sawetara negari Uni Eropah. Nanging Rusia mboten sarujuk lan mbokmenawi badhé mbales mawi ngakèni kamardikan Abkhazia saha Ossetia Kidul

Ramos Horta
Ramos Horta

11 - Présidèn Timor Wétan (basa Portugis Timor Leste); Ramos Horta dipun-témbak, nanging taksih gesang.

7 - Warsa Enggal Imlèk 2559. Sugeng Warsa Enggal! 恭喜發財 Gōngxǐ fācái. Mugi-mugi kathah rejeki!

6 - Dinten Riyadi Rebu Awu kanggé umat Kristen.

3 - Musyawarah Kerja Nasional PKS (Partai Keadilan Sejahtera), satunggaling partai pulitik Islam Indonesia, ingkang dipunwontenaken ing Bali nalika ngriyayakaken Kuningan, wiwit tanggal 1 Februari, sapunika rampung. (PKS)

2 - Dinten Riyadi Kuningan kanggé umat Hindu Indonesia ing warsa 1929 Saka.

1 - Jakarta sacelakipun Ratan Gatot Soebroto lan Grogol macet total, amargi ratan ngajengipun Universitas Trisakti ing Grogol kabanjiran. Bandar Udara Internasional Soekarno-Hatta ing Cengkareng ugi lèmpoh, atusan maskapai dados kasèp.(Detik.com)

Dasawarsa Februari Taun :
1900-an 1900 1901 1902 1903 1904 1905 906 1907 1908 1909
1910-an 1910 1911 1912 1913 1914 1915 1916 1917 1918 1919
1920-an 1920 1921 1922 1923 1924 1925 1926 1927 1928 1929
1930-an 1930 1931 1932 1933 1934 1935 1936 1937 1938 1939
1940-an 1940 1941 1942 1943 1944 1945 1946 1947 1948 1949
1950-an 1950 1951 1952 1953 1954 1955 1956 1957 1958 1959
1960-an 1960 1961 1962 1963 1964 1965 1966 1967 1968 1969
1970-an 1970 1971 1972 1973 1974 1975 1976 1977 1978 1979
1980-an 1980 1981 1982 1983 1984 1985 1986 1987 1988 1989
1990-an 1990 1991 1992 1993 1994 1995 1996 1997 1998 1999
2000-an 2000 2001 2002 2003 2004 2005 2006 2007 2008 2009
2010-an 2010 2011 2012 2013 2014 2015 2016 2017 2018 2019
2010-an 2020 2021 2022 2023 2024 2025 2026 2027 2028 2029
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Februari_2008&oldid=813703"