Faye Wong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Faye Wong
Faye 2011 Hong Kong cropped.jpg
In concert, Hong Kong, 2011
Jeneng Cina
Pinyin Wáng Fēi (Mandarin)
Jyutping Wong4 Fei1 (Kanton)
Asal Hong Kong
Jeneng liya Shirley Wong

Wong4 Zing6 Man4 (Cantonese)
Pakaryan singer-songwriter, actress
Genre C-pop, C-rock, dream pop
Label(s) Cinepoly, EMI, Sony Music
Taun aktif 1989–2005, 2010-present
Jeneng pasangan Dou Wei (1996–1999)
Li Yapeng, married on 29 July 2005 (&&&&&&&&&&&&&&06.&&&&&06 taun, &&&&&&&&&&&&0305.&&&&&0305 dina)
Anak Dou Jintong, born on 3 Januari 1997 (umur 15)
Li Yan, born on 27 Mei 2006 (umur 6)
Wong tuwa Wang Youlin
Xia Guiyin
Pengaruh Teresa Teng, The Cranberries, Tori Amos, Cocteau Twins

Faye Wong (lair ing Beijing, 8 Agustus 1969; umur 42 taun) yakuwi penyanyi China, penulis lagu, aktris, lan model, dheweké kuwi ikon populer ning China, Taiwan, Hongkong, Singapore, Malaysia lan Jepang, Dheweké marisi bakat seni saka ibuné kang uga dadi penyanyi. [1] kondhang dadi Queen Of Pop ning China.[1] Faye pindah maring Hong Kong nalika umuré 18 taun lan langsung njukut kursus vokal ning kana.[1]

Guru vokal Faye kuwi nuli ngenalaké dheweké karo Cinepoly Records kang akiré Faye bisa ngerilis 3 album pop mandarin. [1] Ora puas karo prestasiné, Faye nuli mutusaké mangkat maring New York kanggo nggoleki jati dhiriné.[1] Sabaliné saka New York, dheweké mulai nyoba kanggo nglebokaké unsur R'n'B ke ning musik kang dheweké tulis.[1]

[sunting] KARIR

Taun 1994, Faye ngerilis album kang judulé FAYE WONG. [1] Album iki unik amarga namung migunakaké sampul putih polos.[1] Sataun sawisé kuwi, Faye ngerilis albumé maneh, album kang dadi album paling apik saka dheweké.[1] Albumé mau dijuduli RESTLESS, isiné 10 tetembangan kang 8 saka kabeh tetembangan kuwi karyané dhewe.[1]

Faye beda karo artis-artis liyané amarga ora seneng karo publisitas. [1] Dheweké uga jarang meluni acara penganugerahan award kang sering dadi alat kanggo ningkataké popularitas.[1]

Sawisé vakum saka karir keartisané nganti pitung taun suwené, Faye Wong nggelar konser solo kanggo muasaké para panggemaré.[1] 10 jadwal konser ning Beijing lan Shanghai wis ditetapaké.[1] Tiket konseré enteng deserbu dening para panggemare namung limang menit.[1]

Ning taun 2010, dheweké munggah panggung maneh ning acara Spring Festival Gala 2010, acara malam taun anyaré China.[2] katenaran saka Faye, ora ditandhingi, dheweké mlebu ning Guinness Book of World Records ddai best-selling penyanyi Canto pop. [2] Dheweké jarang metu ning pablik, amarga sibuk karo kagiyatan sosial.[2] Ning taun 2006, dheweké lan garwané, Li Yapeng ngadhegaké Smile Angel Foundation, kang menehi bantuan kanggo para bocah cacat.[2]

[sunting] FILMOGRAFI

Dening Faye Wong[1]:

  • 1991 BEYOND'S DIARY
  • 1994 CHUNGKING EXPRESS
  • 2000 OKINAWA RENDEZ-VOUS
  • 2002 CHINESE ODYSSEY 2002
  • 2004 2046
  • 2004 LEAVING ME, LOVING YOU



[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p (id)Biografi Faye Wong dipununduh tanggal 17 Agustus 2011
  2. a b c d (id)berita Faye Wong dipununduh tanggal 17 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Faye_Wong&oldid=676217"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès