Fauzi Bowo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Cithakan:Kothak info Gubernur

Dr.-Ing. H. Fauzi Bowo (lair ing Jakarta, 10 April 1948; umur 64 taun) punika Gubernur Jakarta Periode 2007 - 2012 sasampunipun dados Wakil Gubernur Jakarta. Nalika pilkada DKI Jakarta 2007, Fauzi Bowo sesarengan Prijanto minangka wakilipun ngungguli pasangan Adang Daradjatun lan Dani Anwar.

Bab lan Paragraf

[sunting] Riwayat gesang

Putra pasangan Djohari Bowo lan Nuraini binti Abdul Manaf puniki namataken pendhidhikan tingkat sekolah dasar ing SD St. Bellarminus. Salajengipun panjenenganipun nglajengaken jenjang pendhidhikan tingkat menengah lan atas ing Kolese Kanisius Jakarta. Sasampunipun namataken pendhidhikan SMA, panjenenganipun mundhut studi Arsitektur bidang Perencanaan Kutha lan Wilayah saking Technische Universitat Braunschweig Jerman lan tamat taun 1976 minangka Diplome-Ingenieur. Program Doktor-Ingenieur saking Universitas Kaiserlautern bidang perencanaan dipunrampungaken taun 2000.

Fauzi Bowo miwiti kariripun kanthi mucal ing Fakultas Teknik UI. Panjenenganipun nyambut damel minangka pegawai negri wiwit taun 1977. Sapérangan posisi ingkang naté dipunjabat antawisipun inggih punika minangka Kepala Biro Protokol lan Hubungan Internasional lan Kepala Dinas Pariwisata DKI Jakarta.

Minangka birokrat, Fauzi sampun nempuh Sepadya (1987), Sespanas (1989), lan Lemhannas KSA VIII (2000). Panjenenganipun punika wakil gubernur Jakarta ing wekdal kapamimpinan Gubernur Sutiyoso.

Fauzi Bowo palakrami kaliyan Hj. Sri Hartati tanggal 10 April 1974. Hj. Sri Hartati punika putrinipun Sudjono Humardani, wiyosan Semarang, 29 Agustus 1953. Pasangan Fauzi Bowo lan Sri Hartati kagungan 3 yoga: Humar Ambiya (miyos: 20 Juli 1976, Esti Amanda (miyos: 5 April 1979) lan Dyah Namira (miyos: 1 Februari 1983).

[sunting] Pilkada 2007

[sunting] Prosès pancalonan gubernur

Fauzi Bowo ngungguli Agum Gumelar lan Mahfud Djailani salebetipun penjaringan calon gubernur déning PPP DKI Jakarta kanthi 14 swara. Agum pikantuk gangsal swara, éwadéné Djailani pikantuk kalih swara. Kalih swara sanès nélakaken abstain.

Nanging, salebetipun skoring dhumateng enem kandidat calon gubernur ingkang ngajengaken dhiri ing Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan, panjenenganipun manggèn ing urutan paling pungkasan. Salebetipun skoring puniku, panjenenganipun pikantuk 80 swara. Éwadéné, urutan paling inggil dipunpanggèni déning Sarwono Kusumaatmadja.

Fauzi Bowo lan Gubernur Sutiyoso dipunanggep minangka tiyang ingkang paling ngayahi tanggel waler dhumteng dumadosipun Banjir ageng ing Jakarta ing mèh sedaya wilayah ibukutha DKI Jakarta, lan mangaruhi popularitas nami Fauzi Bowo.

Tanggal 22 Januari 2007, Lembaga Survei Indonesia (LSI) ngedalaken asil jajak pendapat dhumateng 700 rèspondhèn ing minggu kaping tiga Desember 2006 kanthi cara adu arep. Asil jajak pendapat LSI kanggé calon Gubernur DKI inggih punika Fauzi Bowo, Rano Karno, Agum Gumelar, Sarwono Kusumaatmadja, Adang Daradjatun, lan Bibit Waluyo.

Panjenenganipun tumut Konvensi Partai Golkar 2007. Panjenenganipun punika satunggal-satunggalipun peserta konvensi ingkang mangsulaken formulir pendaftaran lan satunggal-satunnggalipun peserta ingkang dipunusung kanggé jabatan gubernur. Panjenenganipun ugi dados salah satunggal calon gubernur ingkng dipuncalonaken Partai Bintang Reformasi. Sasanèsipun nampi dhukungan sacara khusus saking Din Syamsudin lan Partai Damai Sejahtera.

Tanggal 16 Agustus 2007, pasangan Fauzi Bowo - Prijanto unggul salebetipun pilkada sepindhah langsung ing Jakarta puniki kanthi 57,87% swara pamilih[1]. Fauzi Bowo nggantosaken Sutiyoso minangka Gubernur Jakarta periode 2007 - 2012 tanggal 7 Oktober 2007[2].

[sunting] Dana kampanye

Miturut Majalah TRUST Fauzi Bowo kedah ngedalaken atusan milyar kanggé pados dhukungan partai pulitik lan pangajinipun langkung saking Rp 200 milyar kanggé saben partai ageng. Gumantung gunggunging kursi partai kasebat ing DPRD Jakarta, nanging pranyatan puniki boten dipuntanggapi déning pihak Fauzi Bowo [3].

[sunting] Réferènsi

[sunting] Pranala njawi


Didhisiki déning:
Sutiyoso
Gubernur Jakarta
20072012
Diganti déning:
tasih njabat
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Fauzi_Bowo&oldid=642219"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès