Fabio Quagliarella

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Fabio Quagliarella

Fabio Quagliarella (lair 31 Januari 1983; umur 29 taun) yaiku pemain bal-balan Italia kang mainé dadi penyerang kanggo tim Juventus lan Italia.[1] Dhèwèké ditepungi amarga nduwèni kamampuan kanggo gawé gol saka panggon kang angèl lan ora bisa dicekel kiper. Miwiti dhebuté ana ing Seri-A nalika tanggal 14 Mei 2000 (menang lawan Piacenza skoré 2-1). Taun 2002 dhèwèké pindhah menyang Fiorentina kang nalika kuwi main ana ing Seri-C2, sakwisé kuwi banjur dhèwèké ditransfer menyang Chienti kang main ana ing Seri-C1. Quagliarella bisa gawé 17 gol ana ing 32 laga. Performa apik ndadèkaké Torino narik manèh Quagriella kanggo main ana ing Torino kang nalika kuwi main ana ing Seri-B. Quagliarella bareng Torino wis mènèhi kontribusi awujud 8 gol ana ing 36 laga kang nggawa Torino ana ing Seri-A.[2]

Nalika Torino dinyatakaké pailit, taun 2005 sasi Agustus banjur Quagliarella pindhah menyang Udinese lan disilihaké sedhéla menyang Ascoli. Bareng Ascoli, nalika vs Treviso, dhèwèké gawé gol pisanané ana ing Seri-A. Mangsa 2006-2007 sang penyerang iki dadi duwèkané bareng-bareng antarané Udinese lan Sampdoria, nalika ing Sampdoria Quagliarella gawé 13 gol. Ana ing sasi Juni 2007, Udinese memengaké hak kapamilikan pemain iki.

[sunting] Cathetan sikil

  1. (id)www.juventus.co.id (Diaksès tanggal 2 Juni 2011)
  2. (id)www.goal.com (Diaksès tanggal 2 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Fabio_Quagliarella&oldid=649773"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès