Fabio Cannavaro
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Fabio Cannavaro | ||
| Tanggal lair | 13 September 1973 (umur 39) | ||
| Papan lair | Naples, Italy | ||
| Dhuwur | 1.76 m (5 ft 9 in) | ||
| Posisi pamain | Centre back | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Al-Ahli Dubai | ||
| Nomer | 3 | ||
| Karir remaja | |||
| 1988–1992 | Napoli | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 1992–1995 | Napoli | 58 | (1) |
| 1995–2002 | Parma | 212 | (4) |
| 2002–2004 | Internazionale | 50 | (2) |
| 2004–2006 | Juventus | 74 | (6) |
| 2006–2009 | Real Madrid | 94 | (0) |
| 2009–2010 | Juventus | 27 | (0) |
| 2010– | Al-Ahli Dubai | 0 | (0) |
| Tim nasional‡ | |||
| 1993–1996 | Italy U-21 | 21 | (0) |
| 1997– | Italy | 134 | (2) |
|
Medhali
|
|||
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 15 May 2010. † Appearances (Goals). |
|||
Fabio Cannavaro (lair ing Napoli, 13 September 1973; umur 39 taun) yaiku bek tengah saka tim nasional bal-balan Italia sing duwe dhuwur 176 cm.[1] Wiwt taun 2005 Cana dai kapten saka tim nasional bal-balan Italia.[1] Dheweke dadi kakang kandung saka Paolo Cannavaro sing uga dadi pemain bal-balan.[1] Cana sing duwe dhuwur kurang dibandingake sak pemain liya, nanging, Cannavaro duwe kemampuan kanggo maca permainan saka pemain sing luwih dhuwur lan uga sering bisa nyegat bal-bal kang dimainake pemain liya.[1] Bareng kancane Alessandro Nesta, kekarone dadi punggawa sing banget diandelake dening tin bal-balan nasional Italia.[2] Cana (sapaan kanggo Cannavaro) dadi pemain bek kang dikenal duwe pertahanan paling apik ana ing donya.[2] Debute ana ing tin nasional bal-balan Italia nalika tanggal 22 Januari 1997.[2] Cana wis mbela ana ing tim Nasional Italia ing Piala Dunia 1998, 2002 lan 2006, lan uga Piala Eropah 2000 lan uga 2004.[2] Cannavaro Kapilih dadi pemain bal paling apik Eropa lan uga tau di nyatake dadi pemain paling apik sadonya versi FIFI nalika taun 2006 sakwise bisa menangke Piala Dudia 2006.[2]
Karier[2] [sunting]
- Napoli (1992-1995)
- Parma (1995-2002)
- Inter Milan (2002-2004)
- Juventus F.C. (2004-2006)
- Real Madrid (2006-2009)
- Juventus F.C. (2009-...)
Prestasi[2] [sunting]
Ana ing tim Parma
- Piala Italia (1999, 2002)
- Piala Super Italia (1999)
- Piala UEFA (1999)