Evangelista Torricelli

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Evangelista Torricelli (1608-1647)

Evangelista Torricelli (1608-1647) mujudaké ahli saka Italia, kang nemukaké barometer air raksa. [1] Torricelli lair ing Faenza, Italia nalika tanggal 15 Oktober 1608. [1] Nalika umur 22 taun, Torricelli sinau ing Roma marang Benedetto Castelli, pandiri ilmu hidrolik lan ahli matematika muridé Galileo Galilei. [1]

Taun 1643 Torricelli nggawé parcobaan kang ndadékaké terkenal kanthi jeneng percobaan Torricelli. [1] Parcobaan iku dilakoni kanthi saran saka Galileo sadurungé Galiléo tilar donya. [1] Ing parcobaan iku, Torricelli migunakaké tabung cilik dawane 1 meter lan air raksa. [1] Tabung iku diisi air raksa nganti kebak banjur bolongané ditutup nganggo driji. [1] Tabung iku diwalik lan pucuké dicelupaké ing jero bejana kang uga kaisi air raksa. [1] Driji kang nutupi tabung banjur diculaké. [1] Air raksa ing jero tabung mudhun lan ndadékake ruang hampa udara kang banjur terkenal kanthi jeneng ruang hampa Torricelli. [1] Torricelli ngukur dhuwur air raksa ing bejana, yaiku 76 cm. [1] Sasuwèné iku dhuwuré air raksa ing jero tabung owah trus. [1] Ing pungkasan, Torricelli mangerti yèn kaya mangkono iku disebabaké déning tekanan udhara. [1] Tekanan air raksa kang dhuwuré 76 cm iku banjur sinebut tenanan 1 atmosfer. [2]

Torricelli séda ing Florènce nalika tanggal 25 Oktober 1647. [1]

[sunting] Mugi Pirsani

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n (id)[Latief, Abdul lan Rohandi. 2003. Geografi untuk Kelas 1 Sekolah Menengah Atas Kurikulum Berbasis Kompetensi. Jakarta:Yudhistira. Hal 117. ISBN 979-676-795-3]
  2. (en)Aubert, André; Bombieri and Goldfeld, eds. (1989). "Prehistory of the Zeta-Function". Number Theory, Trace Formulas and Discrete Groups. Academic Press.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès