Eva Perón

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Maria Eva Duarte de Perón
Miyos Los Toldos, 7 Mèi 1919
Séda Buenos Aires, 26 Juli 1952
Padamelan Aktris lan Politikus
Garwa Juan Domingo Perón

María Eva Duarte de Perón (langkung misuwur kanthi asma Evita (7 Mèi 191926 Juli 1952) punika garwa nomer kalihipun Présidhèn Argentina Juan Domingo Perón (18951974) lan Ibu Nagari Argentina wiwit 1946 dumugi sédanipun taun 1952. Éwasemanten panjenenganipun boten naté kanthi resmi kapilih dados tokoh pulitik, amargi dados Ibu Nagari panjenenganipun pungkasanipun gadhah langkung kathah kakuwaosan lan prabawa ing pamréntahan katimbang sinten kémawon, kejawi garwanipun. Ing antawis kaum papa lan kelas pekerja Argentina, panjenenganipun gadhah wibawa ingkang boten kathah tandhinganipun ing sakjawining monarkhi

Evita ndamel Yayasan Eva Perón, yayasan amal ingkang damel éwonan griya lan sekolah kanggé kaum èstri lan kaum papa lan kanggé ingkang kaping sepindhah wonten ing salebeting sajarah Argentina njamin boten wonten katimpangan ing pangreksan kaséhatan kanggé warginipun. [1]. Evita ugi mimpin madegipun Parté Peronis Perempuan, ingkang wujud parté pulitik èstri kaping sepindhah ing nagarinipun.

Taun 1951, panjenenganipun ngawontenaken kampanye supados saged nyalonaken dhiri dados Wakil Présidhèn Argentina. Perkawis punika dipuncandhet déning militèr Argentina, kaum èlit, lan pungkasanipun déning garwanipun piyambak. Manawi Evita kapilih, panjenenganipun badhé dados wakil présidhèn èstri ingkang kaping sepindhah ing donya. (Gelar punika pungkasanipun dhawah ing tangan garwa nomer tiga Perón, Isabel Perón, ingkang ironisipun ngupados niru Evita.) Ing taun 1952 Evita pikantuk gelar resmi "Pamimpin Rohani Bangsa".

Evita ugi tokoh ingkang kontrovérsial sanget ing mangsa sugengipun, malah ngantos sepriki. Éwasemanten namung enem taun langkung panjenenganipun mlebet ing pulitik Argentina, ing wekdal samanten panjenenganipun dados punjering gosip lan kabar angin. Ing salebeting bukunipun "Evita: The Real Life of Eva Perón", Marysa Navarro lan Nicholas Fraser ngaken manawi mitos lan distorsi prakawis Eva Perón punika ingkang paling rumit saking tokoh pulitik modhérn pundi kémawon. [2].

Samangsa gesangipun, Evita punika pawèstri paling kuwaos ing nagarinipun. Kathah sajarawan sarujuk bilih panjenenganipun tetep ingkang paling gadhah prabawa ing sajarah bangsanipun lan ing saindhenging Amérika Kidul. Ing wekdal sédanipun, panjenenganipun punika pawèstri paling gadhah prabawa ing saindhenging donya.

Biografi Eva Perón[besut | besut sumber]

Mangsa alitipun Eva[besut | besut sumber]

María Eva Duarte miyos ing Los Toldos, kitha alit ing Provinsi Buenos Aires. Panjenenganipun punika satunggal saking gangsal tiyang anak karam nanging ingkang dipunakeni saking satunggaling juru masak ingkang boten naté krama, Juana Ibarguren (1894-1971) lan ingkang gadhah tanah tetanèn (ranch) Juan Duarte (1872-1926). Wekdal taksih alit, Eva Perón dipunagengaken ing Junín boten tebih saking Los Toldos.

Pindah dhateng Buenos Aires[besut | besut sumber]

Ing yuswa 15, Eva Duarte tindak dhumateng Buenos Aires. Lajeng wonten kontrovérsi kadospundi panjenenganipun tindak mrika. Vérsi populér nélakaken manawi panjenenganipun dipunasta dhateng kitha ageng punika déning Agustín Magaldi (punika vérsi ingkang muncul ing musikal Andrew Lloyd Webber, "Evita"), sauntawis sanèsipun nélakaken manawi panjenenganipun dipunbiyantu déning ibunipun.

Nalika dumugi mrika, Eva Duarte ngadhepi kawontenan ingkang awrat kanggé gesang tanpa gadhah pendhidhikan formal lan tanpa konéksi. Sasampunipun mataun-taun berjuwang, pungkasanipun panjenenganipun pikantuk pedamelan dados aktris radio lan filem, lan main wonten ing melodrama mirahan sarta opera sabun Radio El Mundo. Pungkasanipun panjenenangipun gadhah perusahaan radio punika lan dipunanggep dados aktris radio ingkang gadhah bakat. Sacara teratur panjenenganipun muncul wonten ing program drama sajarah populér Perempuan Agung dalam Sajarah lan ing mriku panjenenganipun kapatah dados Elizabeth I saking Britania, Sarah Bernhardt lan Tsarina Ruslan pungkasan. Film favorit pribadinipun punika epos 1938 Marie Antoinette, ingkang dipunbintangi Norma Shearer.

Sesambetan kaliyan Juan Perón[besut | besut sumber]

Eva Duarte pinanggih Kolonel Juan Perón ing acara amal kumpul dana kanggé kurban lindhu San Juan. Kekalihipun palakrama ing tanggal 21 Oktober 1945. Sasampunipun palakrama, sadaya filem Eva dipunlarang ing saindhenging Argentina. Wekdal samanten, tiyang Argentina boten remen manawi para pulitikus sesambetan kaliyan para penghibur, punapa malih ingkang miyos ing sakjawining palakrama lan nyambut damel wonten ing opera sabun.

Boten dangu sasampunipun palakrama kaliyan Eva, Juan Perón dipuncepeng déning mengsah-mengsahipun ing pamréntahan ingkang ajrih manawi kaliyan panyengkuyunging kaum miskin (descamisados) lan kaum buruh, popularitas Perón saged mudharaken popularitas Présidhèn ingkang kuwaos.

Eva asring dipunalembana amargi ngorganisasi pepanggihan-pepanggihan massa kanthi maéwu-éwu tiyang ngantos mbébasaken Juan Perón saking pakunjaran tanggal 17 Oktober 1945. Vérsi prakawis prastawa punika dipunpopuléraken ing musikal Andrew Lloyd Webber, "Evita". Nanging kathah sajarawan sarujuk manawi prakawis punika boten mungkin dumados. Wekdal samanten, Eva namung aktris. Panjenenganipun dèrèng gadhah prabawa pulitik kaliyan manéka warni sarékat buruh ingkang nyengkuyung Perón, lan panjenenganipun boten pados dipunremeni déning kupengan sacelaking Perón utawi kathah para pamilik perusahaan filem lan radio. Nalika Juan Perón dipunkunjara, Eva Perón dumadakan kécalan panyengkuyung saking kathah tiyang. (Serat-serat kekalihipun nalika Juan dipunkunjara nedahaken bilih kekalihipun sajatosipun nimbang-nimbang kanggé nilar Argentina sasampunipun Juan kabébasaken, manawi leres panjenenganipun badhé bébas. Kekalihipun ajrih manawi Juan Perón malah manawi badhé dipunsédani nalika ing pakunjaran.)

Nyatanipun, dhémonstrasi ageng ingkang mbébasaken Perón saking pakunjaran dipunorganisasi déning manéka warni sarékat buruh, kados Konfederasi Umum Buruh, utawi ing tembé wingking dipunkenal CGT. Dumugi sapunika tanggal 17 Oktober dipnanggep dinten préi kanggé Parté Kaadilan ing Argentina (dipunriyayaaken dados Día de la Lealtad, "Hari Kesetiaan", Dinten Kasetyan).

Kampanye Présidhèn Juan Perón[besut | besut sumber]

Eva Perón ngawontenaken kampanye ageng-agengan kanggé garwanipun ing upadosipun dados Présidhèn taun 1946. Kanthi acara radio minggon, panjenenganipun nyiaraken pidhato-pidhato kanthi retorika populis ingkang kiyat lan nganjuraken kaum miskin supados manunggal kaliyan obahan Perón. Éwadéné panjenenganipun sapunika cekap sugih saking acara radio lan modelipun, panjenenganipun nyoroti mangsa alitipun ingkang miskin minangka cara kanggé nedahaken solidaritasipun kaliyan kaum miskin.

Eva ndhatengi saben pojok nagarinipun, dados wanita kaping sepindhah ing sajarah Argentina ingkang miyos kanthi umum ing acara kampanye kaliyan garwanipun. Panampilan Eva sesarengan garwanipun asring damel duka kaum sugih, militèr, lan tiyang ingkang wonten ing lingkungan pulitik. Nanging panjenenganipun populèr sanget ing masarakat, ingkang ngenal saking radio lan filem, saéngga dados piranti ingkang èfèktif kanggé pikantuk kawigatosan saking kaum miskin lan pawènèh swantun kelas buruh Argentina. Ing wekdal gesangipun punika kanggé sepindhahipun piyambakipun nganjuraken rakyat Argentina nyebat piyambakipun sanès minangka "Eva Perón" namung "Evita" kémawon, inggih punika wangun diminutif (kasayangan) ing basa Spanyol ("Eva Alit").

Juan Perón kapilih Présidhèn, Evita aktif ing pulitik[besut | besut sumber]

Pidato Eva Perón ing balkon Casa Rosada, Buenos Aires taun 1951

Sasampunipun Juan Perón kaping sepindhah kapilih dados Présidhèn taun 1946, Evita wiwit mundhut peranan pulitik ingkang pinunjul ing pamaréntahan, lan pungkasanipun malah langkung populèr katimbang wakil Présidhèn ing samudaya babagan, kejawi urusan militèr. Asring dipuntélakaken bilih panjenenganipun dados langkung gadhah kuwaos katimbang garwanipun, nanging punika kalangkung-langkungaken. Namung kanggé wekdal ingkang sekedhap kémawon, sapérangan wulan pungkasan gesangipun lan ing wekdal rakyat sedhih nalika sédanipun, Evita dados langkung populèr katimbang garwanipun.

Peran utami Evita ing pamaréntahan Peronis inggih punika nyiptaaken pangkultusan pribadi dhumateng garwanipun, ingkang panjenenganipun agungaken, malah ngantos langkung katimbang kaliyan Kristus. Evita nélakakken bilih saben Peronis kedah sumadya pejah kanggé Perón. Perkawis punika ingkang pungkasanipun ngrisak Perón lan ngasoraken obahan Peronis. Midhangetaken pangalembana Evita ingkang kalangkung-langkungaken kanggé garwanipun, sakedhik kémawon kritik dhumateng Juan Perón kanthi gampil dipuntafsiraken boten patriotik. Evita malah ugi nélakaken kanthi tegas bilih tiyang Argentina sajatos namung kaum Peronis.

"Perón punika mabah, jiwa, rah, lan eralitas rakyat Argentina. Kita sadaya mangertos bilih namung wonten satunggil tiyang ing obahan kita ingkang gadhah sumber terangipun piyambak. Kita sadaya gumantung ing terang punika. Lan tiyang punika inggih Perón!" - pidato Eva Perón taun 1951.

Tur Pelangi[besut | besut sumber]

Nalika "Wisata Pelangi" ing Éropa 1947, Eva Perón dados satunggal-satunggaling Ibu Nagari Amérika Kidul ing sajarah - dumugi sapunika - ingkang gambaripun dados samak ngajeng Majalah Time.

Ing taun 1947, Evita ngawontenaken "Tur Pelangi" ing Éropa ingkang kathah dipunpublikasèkaken. Piyambakipun pinanggih kaliyan sap tiyang Argentina sapérangan kepala nagari, kalebet Francisco Franco. Angkahipun inggih punika ngawontenaken kudhéta gayutan masarakat kanggé rézim Perón ingkang sasampunipun Perang Donya II sansaya dipunanggep fasis. Evita dipunsambet ing Spanyol; ing mrika piyambakipun jiarah wonten ing pusara monarkh absolutis Spanyol sepindhah, Ferdinand lan Isabella.

Spanyol ing sandhaping Franco taksih dèrèng pulih saking [[Perang Sadulur Spanyol]|Perang Sadhèrèk Spanyol]; ékonomi otarkis lan embargo PBB tegesipun bilih nagari punika boten saged maringi dhedhaharan dhumateng rakyatipun.

Ing kunjunganipun dhateng Spanyol punika Evita mbagèkaken arta kertas 100 peseta dhumateng saben laré miskin ingkang dipunpanggihi ing lelampahanipun. Piyambakipun lajeng pinanggih kaliyan Paus ing Roma, lan salajengipun nerasaken kunjunganipun dhateng Paris. Namung ing Spanyol Evita dipunsambet kanthi positif sanget. Ing Prancis lan Italia, panjenenganipun dipunsambet kanthi réaksi campuran.

Tur punika wiwitanipun dipunrancang kanggé nyakup kunjungan dhateng Inggris kanggé ngunjungi kulawarga karajan. Nalika dipunwartosaken bilih kulawarga karajan boten saged manggihi Evita ing wekdal ingkang dipunkersaaken, lan bilih kunjungan Evita boten badhé dipunsambet déning kulawarga karajan sami wigatosipun kaliyan kunjungan resmi Ibu Nagari Amérikah Sarékat, Eleanor Roosevelt, Evita lanjeng mbatalaken, kanthi alasan sampun sayah sanget.

Sasampunipun kundur dhateng Argentina saking Éropa, panampilan Evita dados langkung prasaja. Piyambaikpun boten muncul malih kanthi gaya rambut nalika piyambakipun taksih dados bintang filem. Wiwit wekdal punika rikmanipun dipuntata mawingking kanthi gelung [3]. Rasukanipun ugi dados langkung prasaja. Ing ngriku, panjenenganipun ngupados tampil minangka tokoh pulitik ingkang langkung serius saéngga panjenenganipun tampil ing sangajenging umum kanthi ngagem kombinasi rasukan bisnis ingkang prasaja.

Éwahing citra punika sesarengan kaliyan fokus ing karya amal, utawi ing istilah Evita, "bantuan sosial". Salajengipun panjenenganipun ndamel Yayasan Eva Perón, lembaga kanggé mbiyantu kaum miskin. Kagiyatan punika populèr sanget lan maringi sumbangan ingkang wigatos kanggé masarakat. Sapérangan griya sakit lan griya yatim ingkang dipundegaken déning Yayasan punika awèt kawontenanipun ngantos tebih sasampunipun sédanipun Evita ingkang taksih anem. Yayasan punika ugi nginggahaken kakiyatan pulitikipun ing Argentina lan boten lami salajengipun panjenenganipun ndamel cabang Parté Kaadilan mirunggan kanggé kaum pawèstri. Ing taun 1949, Evita dados tokoh nomer kalih paling gadhah prabawa ing Argentina.

Pungkasanipun, Evita dados pusat piyambak, kultus pribadi ingkang mawiyar. Foto lan namanipun énggal kémawon muncul ing pundi-pundi, kanthi stasiun sepur, satunggiling kitha ("Ciudad Evita") [4], lan malah satunggiling lintang ing langit dipunwastani mawi namanipun. Sanadyan panjenenganipun gadhah dhominasi lan kakiyatan pulitik, Evita kedah ngatos-atos supados boten nggerogoti peranan simbolik ingkang wigatos saking garwanipun. Evita kedah ngatos-atos ngeleresaken tumindak-tumindakipun kanthi klaim bilih sadaya punika "dipunilhami" utawi "dipunsengkuyung" déning kawicaksanan lan semangat Perón. Sanadyan panjenenganipun asring dipunanggep gadhah ambisi, Navarro lan Fraser klaim (op. cit.) bilih sadaya ingkang dipunlampahi Evita pungkasanipun dipunpapanaken wonten ing saandhaping tujuan-tujuan lan sasaran ingkang langkung ageng, inggih punika agenda pulitik garwanipun.

Sanadyan Evita dipunsembah déning pangikutipun para kelas buruh, piyambakpin dipunsengiti sanget déning kelas menengah Argentina ingkang ageng sanget cacahipun lan ugi déning kaum élit sugih ingkang gadhah orientasi dhumateng Inggris. Kaum élit ngina latar wingkingipun ingkang miskin lan asoring pendidikanipun. Kathah ingkang ngraos bilih minangka pawèstri panjenenganipun kalangkung aktif ing pulitik. Evita piyambak tegesipun kaum élit kanthi alok-alok minangka "kaum Oligarkh". Piyambakpipun ugi dipunkenal minangka pendendam. Piyambakpipun asring mecat saking kalangan celak Peronis sinten kémawon ingkang nedahaken sakedhik kémawon tandha-tandha ka-botensetya-nan kanthi sampurna dhumateng mandhat ingkang sampun dipuntetepaken déning Evita lan garwanipun.

Evita séda taun 1952 ing yuswa 33[besut | besut sumber]

Dr. Ara mriksa pambalseman jenazah Eva Perón

Dr. George T. Pack, satunggaling dhokter bedhah New York, nglampahi sawijining hysterectomy dhumateng Eva ing wulan November 1951 lan manggihaken bilih kanker sampun nyebar ing saceraking organ pelvis. Mila, gesangipun boten saged dipunslametaken.

Kados èstri sepindhahipun Juan Perón, Eva Perón séda amargi kanker cervic (sanadyan sapérangan sumber ngaken amargi leukemia), ing yuswa 33 taun. Nalika Eva séda, publik Argentina nélakaken bilih Evita yuswanipun namung 30 taun.

Pranala njawi[besut | besut sumber]