Euryarchaeota

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Halobacteria,salah siji tuladha Euryarchaeota

Euryarchaeota yaiku salah siji filum Archaea.[1] Euryarchaeota bisa urip ing lingkungan ekstrem.[1] Tuladha Euryarchaeota yaiku Archaea halofil ekstrem (haloarchaea), metanogen, lan pirang-pirang jinis archaea thermofilik lan asidofilik.[1] Haloarchaea bisa urip ing lingkungan kang duweni kadar uyah dhuwur.[1] Organisme kang kagolong ing klompok iki mbutuhkake paling ora 9& NaCl kanggo urip.[1] Kanggo urip optimale, mbutuhake 12-23% NaCl, nanging bisa urip nganti kadar NaCl 32%.[1] Salah siji klompok Euryarchaeota yaiku bakteri metanogen, yaiku mikroorganisme kang bisa mroduksi metana minangka bageyan integral saka metabolisme energine, asipat anaerob obligat.[1] Adhedhasar keragaman karakter dinding sel, metanogen kaperang dadi Methanobacterium, Methanosarcina, Methanocaldococcus, Methanoplanus, lan Methanospirillum. [1] Bakteri metanogen dewe bisa ditemokake ing usus manungsa..[2]

[sunting] Delengen uga

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h Madigan MT, Martinko JM, Dunlap PV, Clark DP. 2008. Biology of Microorganisms 12th edition. San Francisco: Pearson. Hal:490. ISBN 0-13-196893-9
  2. NCBI webpage on Euryarchaeota. Data kajupuk saka NCBI taxonomy resources. National Center for Biotechnology Information. URL diaksès tanggal 2010-06-03
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Euryarchaeota&oldid=676623"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès