Euklides
| Euclid | |
|---|---|
Euclid in Raphael's School of Athens
|
|
| Miyos | fl. 300 Saderengipun Masehi |
| Tilar donya | - |
| Dalem | Alexandria, Egypt |
| Suku bangsa | Yunani |
| Bidhang | Matematika |
| Kaahlian | Euclidean geometry Euclid's Elements |
Euclid (Eukleidēs), 300 SM, utawi saged dipunsebat Euclid of Alexandria, inggih menika salah satunggalipun ahli Matematika saking negari Yunani.[1] Panjenenganipun asring dipunsebat minangka Bapak Geometri.[1] Euclid aktif ing Alexandria, Mesir. [2] Kapan panjenenganipun lair lan wonten pundi ngantos dumugi samenika dereng dipunmangertosi.[1] Dereng kathah tiyang ingkang saged misuwur kados dene Euclid, ahli ilmu ukur saking Yunani.[2] Kamangka wekdal gesangipun, tokoh-tokoh kados Napoleon, Martin Luther, Alexander ingkang Agung, sejatosipun langkung misuwur tinimbang Euclides.[2] Ananging jangka panjangipun, Euclides langkung misuwur tinimbang tokoh-tokoh kalawau.[2] Panjenengan misuwur salah satunggalipun amargi sampun nilarake setunggal karya ingkang awrat tumrapipun ilmu pengetahuan, mliginipun bab ilmu ukur ingkang naminipun The Elements.[2] Sejatosipun awratipun buku The Elements boten ing bab ingkang mratelakaken rumus-rumus pribadi ingkang dipunserat.[2] Ameh sedaya teori ingkang wonten ing buku menika sampun nate dipunserat tiyang saderengipun Euclides, lan sampun saged dipunbuktikaken kaleresanipun teori-teori kasebat.[2] Sumbangan saking euclides ingkang awrat inggih menika wonten ing cara ngaturipun saking bahan-bahan permasalahanlan formulasinipun ingkang jangkep wonten ing parencanaan panyusunan buku.[2] Sasampunipun menika, kanthi tlaten lan ngatos-atos panjenenganipun ngatur dalil saengga gampil anggenipun mahami buku menika dening tiyang generasi salajengipun.[2] Panjenenganipun nyediakaken petunjuk kados pundi cara mecahaken masalah, lan ngembangaken parcobaan-parcobaan.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
- (en) Euclid's elements
- (en) Euclid's elements
- (en) Euclid's elements