Es Samu
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| As-Samu | |
| Basa Arab | السموع |
| Pamaréntahan | City |
| Uga dikenal | Es-Samu (officially)
Samua (unofficially) |
| Governorate | Hebron |
| Populasi | 18,000 (2006) |
| Jurisdiksi | 13,800 dunams (13.8 km²) |
| Kepala Pamaréntahan | Jamal Musa Abu Jadail |
as-Samu utawa es-Samu' kuwi sawijining kutha ing Governorate Hebron ing gisik Kulon, sisih kidul kutha Hebron. Miturut Biro Pusat Statistik Palestina kutha iki nduwèni pedunung 18,000 jiwa ing taun 2006.[1] Kutha iki diklaim minangka kutha kang miturut Injil yakuwi kutha Emmaus, ananging klaim iki durung bisa ditampa sacara umum.
[sunting] Operasi Shredder
Ing tanggal 12 November, 1966 Patroli Tapel Wates Israel nidek ranjau, kang mrejaya telu prajurit lan agawé tatu enem liyané. Israel percaya yèn ranjau mau dipasang déning militan Fatah saka as-Samu. Minangka balesané, Israel banjur ngluncuraké serangan arupa operasi militer marang kutha iki, kang ngakibataké tiwasé limalas tentara Yordania lan telu warga sipil Yordania; sèket papat tentara liyané lan sangang puluh sipil tatu. Komandan pasukan batalion para Israel, Colonel Yoav Shaham, tiwas jroning operasi iki lan sepuluh prajurit liyané tatu.
[sunting] Cathetan
[sunting] Referensi
- Ben-Yehûdā, Ḥemdā and Sandler, Shmuel (2002). The Arab-Israeli Conflict Transformed: Fifty Years of Interstate and Ethnic Crises. SUNY Press. ISBN 079145245X
- Bowen, Jeremy (2003). Six Days: How the 1967 War Shaped the Middle East. London: Simon & Schuster. ISBN 0-7432-3095-7
- Hussein of Jordan (1969). My "War" with Israel. London: Peter Owen. ISBN 0-7206-0310-2
- Mayhew, Chrsitopher and Adams, Michael (2006). Publish It Not: The Middle East Cover Up. Signal Books. ISBN 1-904955-19-3
- Oren, Michael (2002). Six Days of War. Oxford University Press. ISBN 0-19-515174-7
- Prittie, Terence (1969). Eshkol of Israel: The Man and the Nation. London, Museum Press. ISBN 027340475X
| Artikel perkawis geografi menika taksih awujud tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

