Erekhtheion
Erekhteion yaiku kuil Yunani kuno kang dumunung ing sisih lor Akropolis ing Athena minangka tandingan saka kuil Parthenon.[1] Kuil Erekhteion dibangun ing taun 421 SM-405 SM nangig diremokake dening bangsa Persia.[1] Wong Athena ngumbarake remukan kuil iki kanggo ngelingake masarakat ngenani prastawa perebutan Akropolis.[1] Jeneng kuil iki asale saka Erektheus, yaiku pemimpin legendaris Athena kang disembah bebarengan karo Athena lan dewa-dewa liyane.[1][2] Kuil iki dikenal minangka bageyan saka komplek kuil Yunani kuno.[1] Arsitektur ruangan sisih wetan didibangun kanggo Athena Polias utawa Athena minangka pelindung kutha.[1] Ing bageyan arsitektur sisih kidul ana bangunan kang ditopang dening saka kang bentuke karytid (figur wanita) kang gayane klasik.[1] Karytid ngilustrasekake hubungan metafora harmonis antarane ideal lan organik, manungsa lan abstrak kang dadi ciri kas gaya arsitektur klasik Yunani.[1]