Entang Wiharso

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Entang Wiharso iku salah sawijining pelukis kondhang Indonesia (kelairan Tegal, Jawa Tengah, 19 Agustus 1967). Priyayi iki lulusan Institut Seni Indonesia jurusan Seni Lukis. Entang wis naté pameran ing sadengah papan, klebu ing manca nagara.

Biografi [sunting]

Entang iku anak nomer 5 seka 6 paseduluran. Entang asring nonton wayang golèk. Karemané iki nuwuhaké niat dadi seniman. Jaman ciliké, amarga kurang dhuwit, Entang gawé dolanan dhéwé seka lempung, klapa, lan pring. ka Amarga tuntutan ekonomi, sakaluwarga pindhah menyang Jakarta, ing awal 1980-an. Ing Jakarta, Entang ngrewangi wong tuwané leladèn ing warteg (warung tegal). Ing taun 1987, Entang nerusaké sekolah ing Institut Seni Indonesia, Jogjakarta lan lulus ing taun 1994.

Penghargaan [sunting]

  • 36 Seniman Indonesia terbaik versi Majalah Gatra 1996
  • 10 terbaik Philip Morris Indonesian Art Awards – 1996
  • 100 Terbaik Philip Morris Indonesia Art Awards - 1995
  • Juror Award 1994
  • Biennale Seni Rupa Yogyakarta IV
  • Affandi Prize
  • lan liya-liyané

Pranala nJaba [sunting]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Entang_Wiharso&oldid=826853"