Endotoksin
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 65 dinten 1183 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Endotoksin yaiku toksin nalika bakteri gram negatif arupa lipopolisakarida (LPS) ing membran jaba saka dinding sel kang nalika keadaan tertentu kanti sifat toksik ing inang tertentu. [1] Lipopolisakarida iki disebut endotoksin amerga terikat ing bakteri lan dicolake nalika mikroorganisme ngalami lisis utawa pecahé sel.[1] pira-pira uga dicolaké nalika penggandaan bakteri.[2] Komponen toksik ing LPS yaiku bagiyan lipid utawa lemak, kang disebut lipd A. [2]. Komponen lipid A iki dudu struktur makromolekuler tunggal ateges kasususun kompleks saka residu-residu lipid.[2] Endotoksin manung ana ing bakteri gram negatif awujud basil/batang lan kokus lan ora saécara aktif dicolaké saka sel sarta isa ngakibataké demam, syok, lan gejala lliyan.[2]
Endotoksin yaiku LPS sawentara eksotoksin yaiku polipetida; enzim-enzim kang ngasilake LPS kasebut dikodekake dening gen-gen ing kromosom bakteri ketimbang plasmid utawa DNA bakteriofage kang biasane ngkode eksotoksin. [2] Toksisitas endotoksin luwih endek ketimbang karo eksotoksin, nanging pira-pira organisme nduweni endotoksin kang luwih efektif ketimbang kang liya. [2] Endotoksin yaiku antigen kang lemah lan nginduksi antibodi kanti lemah sahingga ora cocok digunakake minangka antigen sajrone vaksin. [2] Keberadaan endotoksin tanpa bakteri penghasile wis cukup kanggo nimbulake gejala keracunan ing inang contone keracunan pakanan amerga endotoksin kang dikasilake dening bakteri Salmonella.[2][3]
Bab lan Paragraf |
Dampak [sunting]
Efek biologis saka endotoksin yaitu:
- Demam amerga pelepasan makrofag dening interleukin-1 kang beraksi amerga pusat pengaturan temperatur hipotalamus.[2] Sakliyane iku, demam uga isa disebapake amerga endotoksin isa micu pelepasan protein pirogen endogen (protein ing jero sel) kang ngaruhi pusat pengatur suhu awak ing jero otak.[3]
- Hipotensi amerga meningkate permeabilitas pembuluh darah. [2]
- Aktivasi jalur alternatif saka jalur komplemen sahingga kadadean peradangan lan kerusakan jaringan. [2]
- Aktivasi makrofag, peningkatan kemampuan fagosit, lan aktivasi saka klon limfosit B kang akeh sahingga ningkatake produksi antibodi.[2]
Efek langsung utawa tak langsung liya saka endotoksin kalebu stimulasi pembentukan sel granulosit, penggumpalan lan degenerasi saka sel trombosit.[4]
Sumber [sunting]
Neisseria meningitidis
N.meningitidis yaiku bakteri gram negatif awujud kokus kanti kapsul polisakarida lan sak orane 13 jenis serotipe kang beda.[5] Endotoksin ing diding sel N. meningitidis yaiku lipopolisakarida kang meh pada karo liopolisakarida kang ana ing bakteri gram negatif kanti bentuk batang.[5]
Haemophilus influenzae
H.influenzae yaiku bagiyan saka mikroflora normal ing bagiyan nduwur saluran pernapasan ing manungsa. H.influenzae obah ing antarane sel-sel epitel ing saluran pernapasan kanggo nginvasi lan nyebapake penyakit.[5] H.influenzae duweni endotoksin kang isa menyebapake peradangan lan sebagiyan diasosiasikan karo kejut septik.[5]
Deteksi dan Eliminasi [sunting]
Deteksi lan eliminasi endotoksin wis dadi masalah bertahun-tahun kanggone industri farmasi lan alat-alat kedokteran.[1] Contohe pemberian obat kang terkontaminasi;; denig endotoksin isa nyebapake komplikasi utawa kematian marang pasien. [1] Selain itu, endotoksin uga dadi masalah kanggone wong kang kerja karo kultur sel lan rekayasa genetika.[1] Mangka iku, dikembangake metode kanggo ndeteksi lan mengeliminasi endotoksin.[1] Prosedur kasebut kudu sensitif banget sahingga isa ndeteksi endotoksin nganti 0,25 endotoxin unit (E.U.) utawa setara karo 0,025ng/ml.[1] Salah siji prosedur kang paling akurat yaiku uji Limulus amoebocyte lysate (LAL) kang andhedhasar marang observasi pembentukan gel beku sewaktu endotoksin bersentuhan karo protein pembeku saka amoebocytes Limulus kang bersikulasi.[1] Perangkat uji iki kasusub saka kalsium, enzim propembekuan (proclotting) lan senyawa propenggumpalan/prokoagulan (procoagulan).[1] Enzim proclotting bakal teraktivasi dening endoktoksin lan kasium kanggo membentuk enzim pembeku (clotting enzyme) kang bakal nugel prokoagulan dadi subunit polipeptida (koagulogen).[1] Subunit-subunit kasebut bakal gabung mbentuk ikatan disulfida mbentuk gel beku.[1] Banjur dilakukake metode spektrofotometri kanggo ngukur jumlah protein kang tergumpal ing lisat kasebut kang ngendi isa dideteksi nganti 10pg/ml lipopolisakarida.[1][3] Tes iki isa digunakake kanggo ndeteksi endotoksin ing jero serum, cairan serebrospinal, wedang, lan cairan kanggo injeksi lan obat.[3]
Deleng uga [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology 5thedition. Boston: McGraw-Hill.
- ^ a b c d e f g h i j k l Levinson W. 2008. Review of Medical Microbiology & Immunology, Tenth Edition. New York: The McGraw-Hill Companies, Inc
- ^ a b c d Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorgnisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall.
- ^ Kaluputan sitat (pangutipan) Tag
<ref>ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jenengKayser - ^ a b c d Gandhi M, et al. 2004. Blueprints Notes and Cases Microbiology and Immunology. Malden, Mass: Blackwell Pub.