Elvis Presley
Elvis Aaron Presley (8 Januari 1935–16 Agustus 1977) inggih menika salah satunggalipun penyanyi rock 'n' roll legendaris saking Amerika Serikat.[1][2] Panjenenganipun ugi dados produser musik lan aktor.[2] Panjenenganipun nggadhahi julukan "Raja Rock 'n' Roll".[2] Amari lagu-lagunipun ingkang madukaken irama rock 'n' roll kaliyan lagu-lagu ballad, jagad rock 'n' roll nggadhahi fondasi komersial ingkang salajengipun saged dipunrembakaken dening musisi rock 'n' roll sanesipun.[2] Nalika wekdal suksesipun, konser-konser Elvis dipunrawuhi kathah masyarakat (kathahipun golongan rumaja) kanthi cacahipun ingkang kathah sanget.[2] Gaya, sifat, sarta cara ngagem busana Elvis dados simbol kangge musik rock 'n' roll lan kathah dipuntiru dening pandemenipun.[2]
Lair lan Karier [sunting]
Elvis lair ing East Tupelo, Mississippi, saking pasangan Vernon Elvis Presley dan Gladys Love Smith, Elvis ageng ing Memphis, Tennessee.[1] Panjenenganipun wiwit sinau gitar lan main ing kathah acara ing papan belanja.[1] Nalika sekolah menengah, Elvis kerja dados sopir truk kangge perusahaan listrik.[1] Nalika musim panas ing taun 1953, Elvis mbayar $4 kangge ngrekam kalih lagu ing perusahaan rekaman Sun Studios minangka hadiyah kagem tanggap warsa ibunipun.[1] Ingkang kagungan Sun, Sam Phillips, remen kaliyan swantenipun Elvis lan salajengipun Elvis dipuntimbali supados dados vokalis penyanyi ballad ingkang taksih kosong.[1] Nalika rekaman kasebat wiwitanipun kirang produktif, ananging nalika taksih ngaso wonten ing satunggalipun wekdal ing tanggal 5 Juli 1954, Elvis nyanyi lagu blues karyanipun Arthur Crudup ingkang irah-irahanipun That's All Right.[1] Versi Elvis dipunremeni Philips lan lajeng dipunputer ing radhio ing Memphis lan dados hit ing dhaerah kasebat.[1] Wiwit menika Elvis tur dhateng pirang-pirang papan panggenan.[1]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
- (en) ElvisFind.com
- (en) Elvis.com
- Elvis Presley di Internet Movie Database
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |