Elias Howe
| Elias Howe | |
|---|---|
| Lair | 9 Juli 1819 Spencer, Massachusetts |
| Pati | 3 Oktober 1867 (umur 48) Brooklyn, New York |
| Kabangsan | American |
| Pendhidhikan | apprenticed as mechanic and machinist |
| Garwa | Elizabeth Jennings Ames (m. 1841; d. 1850) Rose Halladay (d. 1890) |
| Putra/putri | Jane Robinson Howe, Simon Ames Howe, Julia Maria Howe |
| Tiyang sepuh | Elias Howe lan Polly (Bemis) Howe |
| Karya | |
| Disiplin Enjiniring | Mechanical Engineering |
| Proyèk wigati | mesin jait |
| Kamajuan wigati | lockstitch loop method |
| Bebungah wigati | Medhali emas, Paris Exposition of 1867, Légion d'honneur (Prancis) |
Elias Howe yaiku penemu mesin jait. [1]Howe lair ing Spencer, Massachussets, Amerika Serikat, nalika tanggal 9 Juli 1819. [1]Nalika isih cilik, Howe kerep ngrewangi bapake kang nyambut gawe minangka tani. [1]Wiwit cilik, Howe wis duweni kesenengan ngeneni mesin. [1]Nalika umue ngancik 16 taun, Howe, kang ora tamat anggone sekolah mau, ditampa nyambut gawe ing pabrik mesin kapuk kang ana ing Lowell, Massachussets, minanka ahli mesin magang. [1]Kanggo nambahi pengalamane, dheweke banjur ngalih nyambut gawe ana ing pabrik jam dhindhing ing Boston, lan ngalih maneh ana ing pabrik instrumen ilmiah ing Cambridge.[1] Nalika nyambut gawe ing Cambridge, Howe krungu omongan yen sapa kang gawe mesin jait, dheweke bakal dadi jutawan lan misuwur. [2]Nalika kuwi, pancen mesin jait durung ana. [2]Kegiyatan jait uga isi nggunanake tangan. [2]Omongan mau bener-bener nyanthol ana ing atine Howe, nganthi pungkasane Howe kepingin banget gawe mesin jait. [2]Taun 1940, Howe kawin lan duweni anak. [2]Howe kerep lara mula bojone kudhu nyambut gawe kanthi njait sandhangan.[2] Nalika ngerti bojone jait, Home ngamati bojone. [2]Ing kono Howe kepingin gawe msein jait. [2]Kira-kira limang taun candhake, Howe ngupaya kanggo nyiptakake mesin jait.[2] Mesin jait kang wiwitan ora dadi, nanging amarga semangat anggone nyiptakake mesin jait, taun candhake dheweke kasil angone nyiptakake mesin mau.[2] Mesin jait mau dipatenake nalika taun 1846.[2] Durung ana wong kang seneng karo mesin mau amarga masarakat padha nganggep menawa mesin jait yaiku mesin kang angel anggone nggunakake.[2] Bajur, nalika taun 1847, Howe lunga menyang Ingris lan ngedol mesin mau marang William Thomas kanthi rego murah. [2]Willian Thomas njaluk marang Howe supaya nyempurnakake mesine mau. [2]Nanging Willian Thomas malah ndakik marang Howe, nganti pungkasane Howe dadi mlarat.[2] Banjur Howe bali menyang kampunge maneh.[2] Nanging nalika tekan omah, bojone tinggal donya amarga lara nemen. [2]Saliyane kuwi, uga akeh perusahaan kag niru panemone Howe.[2] Hak patene Howe dadi ilang.[2] Bajur Howe nuntut hake manyang pengadilan.[2] Anggone nuntut kira-kira 13 taun suwene.[2] Pungkasae Howe kasil anggone ngrebut patene mau. [2]Banjur Howe dadi jutawan lan kasil mbagun pabrik mesin jait kanthi aran Howe Machine Company.[2]