Elang bondol

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Elang bondol
Dekat Chalakudy, India
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Aves
ordo: Falconiformes
(atau Accipitriformes, q.v.)
kulawarga: Accipitridae
Genus: Haliastur
Species: H. indus
Jeneng binomial
Haliastur indus
Boddaert, 1783

Elang bondol utawa sajroné jeneng ilmiahé yaiku Haliastur Indus yaiku spesies saka genus saka Haliastur. Manuk Elang Bondol ukurané pas-pasan (45 cm), warnané putih lan coklat pirang. Elang bondol kang isih enom nduwéni karakter sekabéhané awak rodok coklat kanti coretan ing dada. Warna berubah putih klawu nalika tahun kapindo, lan nganti wulu dewasa sekabéhané ing tahun ketelu. Pucuk buntut bunder.Iris coklat, cucuk lan sera klawu rodok ijo, sikil lan polok kuning suram. Nalika dewasa,karakter awake yaiku, ndas, gulu, dada putih. Swiwi, geger, buntut, lan weteng coklat terang. Kontras karo wulu primer kang ireng. pakanané yaiku, meh kabèh kéwan, urip utawa mati. Ing banyu, pakanané arupa kepiting, lan ing daratan mangan anak piték, serangga, lan mamalia cilik. Susuh berukuran gedhé, saka ranting ing puncak wit.

Taksonomi[sunting | sunting sumber]

Kebiasaan[sunting | sunting sumber]

Biasane dewean, ananging ing daerah kang pakanane akeh isa mbentuk kelompok nganti 35 individu. Nalika ana ing sekitar susuh, kadhang-kadhang ngetokake perilaku mabur munggah kanti cepet dibarengi gerakan nggantung ing langit, banjur mabur midun cepet kanti swiwi ditekuk lan dilakukake sacara bola-bali. Mabur endek ing sak duwure banyu kanggo golek pakan, ananging terkadang uga ngeteni mangsa sinambi mencok ing wit-witan sak cepake kali lan kadang-kadang mlaku ing duwur lemah kanggo golek semut lan rayap. Nyerang manuk camar, dara laut, lan manuk pemangsa lliya kang luwih cilik kanggo ngrebut mangsane. Elang bondol seneng nglakokake akrobatik nalika musim kawin yaiku wulan (November-Desember) isa iku cepak karo pasangane utawa sacepake susuhe[2].

Habitat[sunting | sunting sumber]

Habitat elang bondol yaiku ing rawa rawa.

Perkembangbiakan[sunting | sunting sumber]

Manak ing wulan Januari-Agustus, lan Mei-Juli. Di engkremi suwene 28 nganti 35 dina. Anakan mulai belajar mabur lan ninggalake susuh umur 40-56 dina, dadi dewasa mandiri sakwise 2 wulan.

Sajrone kebudayaan[sunting | sunting sumber]

Elang bondol kang siji iki golek pakan. Ing Danau Pocharam, Andhra Pradesh, India.
Sajrone penangkaran
Haliastur indus lagi berehat ing Davao City, Filipina.

nalika tahun 1989, elang bondol lan salak condet didadekake minangka maskot kota Jakarta.[3] Hal iku isa dideleng ing kawasan Cempaka Putih. Ing kana ana salah sijine patung ngadeg, yaiku patung "manuk bondol nggawa salak condet".[3] ing India, dianggep minangka representasi kontemporer Garuda, manuk suci Wisnu.

Salah sijine fabel saka tengah Pulau Bougainville nyeritakake salah sijine ibu kang ninggalake anake ing ngisir wit pisang sinambi ning kebon lan si bayi mabur marang langit sinanmbi nangis lan berubah dadi Kaa'nang, yaiku elang bondol, Lan kalunge berubah dadi wulu manuk.[4]

Penyebaran[sunting | sunting sumber]

India, Cina selatan, Asia tenggara, Indonesia, Australia. Ing Indonesia, penyebarane ana ing Sumatera, Kalimantan, Jawa, Bali, Sulawesi, Nusa Tenggara, Maluku, Papua[5][6]. Wondene ing Indonesia lan India, iso ditemukake ing daerah pedalaman. Ing Kalimantan dewe, elang bondol isa ditemoni ing Kapuas Hulu, Kalimantan Barat. Panggonan elang bondol ing kana akeh banget[7].

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Elang_bondol&oldid=836017"