Elang Haast
| Elang Haast | |
|---|---|
| Gambaran Seniman babagan Elang Haast ingkang taksih nyerang moa. |
|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Falconiformes |
| kulawarga: | Accipitridae |
| Genus: | Harpagornis |
| Species: | H. moorei |
| Jeneng binomial | |
| Harpagornis moorei Haast, 1872 |
|
Elang Haast (Harpagornis moorei), inggih menika salah satunggalipun jinis elang raseksa ingkang samenika sampun cures ingkang rumiyin gesang ing Pulo Kidul Selandia Ènggal.[1] Elang menika pinitados déning suku Māori kanthi sesebatan Pouakai; nama ingkang asring dipunanggé Hokioi (utawi hakawai) ingkang maksidipun angkasa ingkang dipunhiasi Berkik Selandia Baru.[1]
Elang Haast ingkang èstri nggadhahi abot 10 kg ngantos 15 kg, ingkang jaler nggadhahi abot 9 kg ngantos 10 kg.[2] Elang menika kathahipun nggadhahi rentang swiwi 2,6 ngantos dumugi 3 m (elang emas paling ageng lan elang laut steller ingkang nggadhahi rentang swiwi ingkang méh sami panjangipun), ingkang saged mbiyantu Elang Haast anggenipun bebedhag (berburu) ing wana Selandia Ènggal.[2] Elang Haast asring dipungambaraken minangka évolusi saking péksi ingkang boten saged miber, ananging bab menika boten leres; sejatosipun elang menika munculaken satunggalipun kakerabatan saking gaya moyangipun ingkang saged miber.[2] Elang menika nggadhahi sikil lan otot ingkang kiyat.[2] Buntutipun meh saged dipunpastékaken nggadhahi panjang 50 cm, kanggé spésiés èstri).[2] Jembar kamungkiananipun langkung saking 1,4 m kangge jinis ingkang èstri, kanthi inggilipun watawis 90 cm utawi langkung.[2] Elang Haast bebedhag mados mangsa ingkang boten saged miber, kados moa ingkang abotipun 15 langkung abot tinimbang abotipun Elang Haast.[2]
Pranala Njawi [sunting]
(en)PDF fulltext
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.