Edwin Herbert Land
| Edwin Herbert Land | |
|---|---|
| Miyos | May 7, 1909 Bridgeport, Connecticut |
| Tilar donya | 1 Maret 1991 (umur 81) Cambridge, Massachusetts |
| Kabangsan | American |
| Kaahlian | polarizing light |
| Notable awards | Presidential Medal of Freedom Perkin Medal National Medal of Technology |
Edwin Herbert Land yaiku penemu fotografi kilat. [1]Dheweke biyasa diarani Land.[1] Land lair taun 1909. Land nemokake fotografi kilat nalika taun 1947. [1]Land uga ahli fisika.[1] Sadurunge Land nemokake fotografi kilat, proses fotografi suwe banget, malah nganti pirang-pirang dina.[1] Kanthi fotografi kilat, ora mung cepet nanging uga bisa ngirit bayare.[1] Kanggo nemokake sistem fotografi kilat, Land kudu ninggalake Harvard lan nindakake panaliten ngenani polarisasi cahya. [1]Rong taun candhake, dheweke kasil nemokake sawijining filter polarisasi, kang dadi lensa poto lan ngilangake pantulan. [1]Kanthi panemon iki, Land ngedhegake perusahaan kanthi aran Polaroid Corporation kang ngurus babagan produksi filter, kacamata, lan lampu.[1] Sawise sepuluh taun, yaiku taun 1947, Land nemokake flm kilat polaroid kang digunakake kanggo poto. [1]Wiwitane, film iki digunakake ing kamerane dhewe, banjur diwenehake marang masarakat. [1] Sawise kuwi, taun 1963, Land nemokake polacator, yaiku film berwarna kang wiwitan kang bisa diproses kathi wektu kang cepet utawa kilat yaiku wektune mung semenit. [2]Panemon iki ndadekake fotografi ngalami revolusi nganti sansaya ngrembaka ing donya.[2] Land tinggal dunya nalika taun 1991.[2]