Dunia Fantasi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Dunia Fantasi

Dunia Fantasi utawi ingkang asring dipuncekak dados Dufan menika kalebet salah setunggaling panggénan kanggé wisata ingkang ageng ing kitha Jakarta.[1] Dunia Fantasi menika manggén wonten ing kawasan Ancol Taman Impian, Jakarta Utara.[1] Limrahipun, Dufan dados panggenan wisata kangge warga wonten ing kutha Jakarta menapa dené ingkang asalipun saking kutha sanes-sanesipun wonten ing Indonésia.[1] Wonten kathah dolanan saéngga mboten ndamel bosen para warga ingkang wisata wonten papan panggenan menika.[1] Dunia Fantasi menika nggadhahi logo kéwan primata bekantan.[1] Wonten kathah permainan ingkang saé saha ngginakaken teknologi ingkang sampun dipunuji kakamananipun.[1] Permainan menika saged ndamel deg-degan, perminan ingkang ngginakaken toya, permainan kluwarga saha pendhidhikan. [1]Umpaminipun permainan ingkang dipunwastani Tornado.[1] Tornado menika salah setunggaling permainan ingkang nginggil panggenanipun. [1]Sasampunipun dumugi nginggil lajeng dipunputer makaping-kaping cacahipun.[1] Kejawi menika wonten ugi Kora-Kora, inggih menika permainan kanthi ngginakaken prahu ageng.[1]Prahu menika lajeng obah ngantos 90 derajat.[1] Wonten ugi halilintar, Power Surge utawi kicir-kicir, lan sanes-sanesipun.[1] Kanggé laré-laré alit saged ugi wonten ing Istana Bonéka.[1] Panggénan menika dadospanggenan ingkang paling dipunremeni. [1]Wonten bonéka ingkang cacahipun atusan inggih menika bonéka animatronik (robot). [1]Boneka menika nglambangaken suku saking negara Indonésia saha suku-suku ing donya kanhi pakéyan saha ciri piyambak-piyambak. [1]Sedaya kala wau saged dipunpirsani saking prahu wonten ing ruangan ingkang adhem saha mirengaken lagu-lagu khas khas Istana Bonéka.[1] Kejawi menika wonten ugi permainan Gajah Bledug saha Burung Tempur ingkang saged minggah ngantos inggilipun 15 meter.[1] Wonten ugi waha enggal inggih menika Kalila Adventure.[2] Nembé dipunresmekaken nalika tanggal 18 Juni 2011 kanggé laré-laré ingkang liburan sekolah.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id)kumpulan.info(dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
  2. a b (id)ancol.com(dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dunia_Fantasi&oldid=637053"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès