Dumbo
| Dumbo | |
|---|---|
Poster layar jembar |
|
| Sutradara | Ben Sharpsteen |
| Produser | Walt Disney |
| Panulis | Helen Aberson (buku) Harold Perl (buku) Otto Englander (pengarah carita) Joe Grant Dick Huemer |
| Paraga | Edward Brophy Herman Bing Margaret Wright Sterling Holloway Cliff Edwards |
| Musik déning | Frank Churchill Lance Husher |
| Distributor | RKO Radio Pictures |
| Tanggal rilis | 23 Oktober 1941 |
| Durasi | 64 menit |
| Negara | |
| Basa | Inggris |
| Anggaran | AS$950.000 |
Dumbo iku sawijining film animasi sing diprodhuksi taun 1941. Film iki arupa film ka-4 prodhuksi Walt Disney Animation Studios, lan wis dadi salah siji film animasi klasik Walt Disney. Dumbo sepisanan diputer ing bioskop tanggal 23 Oktober 1941 déning distributor RKO Radio Pictures.
Film iki diangkat saka buku carita anak kanthi irah-irahan sing padha karya Helen Aberson lan ilustrasi déning Harold Perl. Tokoh utamané yaiku Jumbo Jr., gajah lanang sing tingkahé kaya manungsa, lan diwènèhi julukan Dumbo. Dumbo nduwèni kuping sing amba sing dadi swiwi kanggo miber. Jroning carita, kanca tuhu setyané mung ibuné, lan siji tikus sing jenengé Timothy. Kekancan Dumbo lan Timothy sekaligus minangka parodi saka hubungan sing ora serasi antara gajah lan tikus.
Plot
Ibu gajah ing sawijining sirkus sing jenengé Mrs. Jumbo nampa siji bayi gajah sing digawa déning manuk bango. Jumbo mènèhi jeneng bayi gajah iku Jumbo, Jr. Jumbo Jr. pancèn katon anèh amarga kupingé sing amba. Amarga saka kuwi, dhèwèké diundang Dumbo.
Referensi
Pranala jaba
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |