Drupadi
Dèwi Drupadi iku salah swijining paraga wayang putri Prabu Drupada saka Cempalareja. Ing Mahabharata, paraga iki sinebut Draupadi. Ing wayang lan pedhalangan asring disebut Drupadi. Ana kalane uga sinebut Dewi Kresna. Ing versi India, Drupadi dadi bojone Pandhawa. Iku artine poliandri. Ing pedhalangan, Drupadi dadi bojone Yudhistira. Wanita iki putri Prabu Prabu Drupada kang pembarep seka Dèwi Dèwi Gandawati. Dheweke mbakyuné Dèwi Dèwi Srikandhi lan Radèn Drustajumena.
Seka jejodhoane karo Yudhistira, nduwe anak Pancawala. Nanging yen ing India, anake ana lima:
- Prativindya, seka Yudhistira.
- Srutasoma, seka Bima.
- Srutakirti, seka Arjuna.
- Satanika (ana uga sing nyebut Srutanika), seka Nakula.
- Srutakarma, seka Sadewa.
Ing kedadeyan kalah dhadhu, Drupadi dadi bandhan amarga Pandhawa kalah karo Kurawa. Ing kene Dursasana nyoba nglukari klambine Drupadi. Mula saka iku, wanita iki sumpah yen ora arep kramas yen durung kramas nganggo getihe Dursasana. Sumpah iki bisa kaleksanan ing perang Bharatayudha.
Drupadi melu Pandhawa munggah gunung Himalaya nuju surga.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala njaba
- (id) Drupadi ing Bausastra Javanese Dictionary (bausastra.com)