Dorce Gamalama
| Artikel iki tanpa rowang, artiné mung sithik utawa ora ana artikel liya sing ngrujuk tumuju kaca iki. Sumangga mbiyantu ngembangaké artikel iki |
Dorce Gamalama (lair Dedi Yuliardi Ashadi, Solok, Sumatra Barat, 21 Juli 1963) kuwi penghibur Indonesia, minangka pelawak, pranata cara, artis film, lan pemusik.
Bab lan Paragraf |
Biografi[sunting]
Mangsa Cilikan[sunting]
Bapaké jenengé Achmad lan ibuné Dalifah. Wiwit umur setaun wong tuwané wis tilar donya lan Dorce diasuh déning simbahé yakuwi Siti Darama. Jroning umur rong taun Dorce lan simbahé pindhah menyang Jakarta.
Karir[sunting]
Karier musiké diwiwiti kanthi nyanyi bebarengan karo kelompok Bambang Brothers jaman isih ana ing SD. Ing SMP Dorce tansaya ora duwé kawigatèn marang pelajaran sekolah lan luwih musataké kawigatèn marang karir nyanyi. Saliyané kuwi Dorce uga wiwit krasa kacondhongan kasengsem dmarang pria. Bab iki uga dimanfaataké supaya penampilan ing panggung tambah nyengsemaké, yaiku nglawak kanthi imba-imba dadi wanita. Sebab kuwi dhèwèké banur olèh jeneng Dorce Ashadi, saka Myrna pamimpin kelompok tari waria Fantastic Dolls.[1] Dorce kerep tampil ing Trans TV, mandhu acara Dorce Show.