Donghak

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
choe Je-u, pendiri paham Donghak.

Donghak utawa Pembelajaran Timur (동학;東學) yaiku sawijining gerakan agama anyar kang ngadeg taun 1860 dening Choe Je-u (1824-1864), sawijining bangsawan (yangban) ing Korea.[1][2] Pergerakan Donghak kang dilancarake dening Choe yaiku bentuk perlawanan marang sistem lan anggota pemerintahan kang korup, ketidakadilan sosial, kaum yangban, lan ajaran agama saka kulon kayata Katolik.[1] Tujuan ngadegé agama Donghak yaiku kanggo nylametake rakyat saka penderitaan fisik utawa mental.[1] Saliyane kotbah ngenani agama kang anyar mau, Choe uga nywarakake reformasi ing bidang politik, sosial lan ekonomi. Konsep Donghak kang paling penting yaiku nyawijining tuhan lan manungsa utawa manungsa yaiku tuhan.[1] Kanthi konsep revolusioner kaya iki, agama Donghak nyiptakake biji lan martabat manungsa kang anyar.[1] Kanthi ngrembakane pengajaran Choe, pemerintah mulai duweni tindakan yaiku menging agama mau lan ngeksekusi Choe ing taun 1864.[1] Nanging, pergerakan Donghak sansaya ngrembaka karo peneruse yaiku Choe Si-hyeong.[1]

Delengen uga [sunting]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g (en)Nahm. Ph. D, Andrew (2009). A Panorama of 5000 Years: Korean History. Hollym International Corp, Elizabeth, New Jersey. pp. 72, 83-84. ISBN 0-930878-68-X.
  2. ^ (en)The Tonghak (Donghak) Rebellion 1894, koreanhistory.info. Diundhuh tanggal 12 Juni 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Donghak&oldid=831566"