Dominique-Jean Larrey
| Dominique Jean Larrey | |
|---|---|
Dominique Jean Larrey,
portrait by Anne-Louis Girodet de Roussy-Trioson, Musée du Louvre, Paris. |
|
| Lair | 8 July 1766 Beaudéan (Hautes-Pyrénées) |
| Pati | 25 July 1842 Lyon |
| Babagan | surgeon |
Dominique-Jean Larrey yaiku penggagas ambulan. [1]Larrey lair ing desa cilik yaiku ing desa Beaudean, ing pegunungan Pyrenes, Prancis, taun 1766. [1]Nalika umure 13 taun, dheweke wis dadi yatim piatu. [1]Banjur dheweke diemong dening sedulure, Alexis, sawijining dhokter bedhah.[1] Banjur dheweke lunga menyang Paris saperlu sinau bidang kedhokteran marang Desault, sawijining ahli bedhah kang wis misuwur.[1] Nanging anggone sinau dadi kaganggu amarga wektu kuwi ana perang. [1]Larrey banjur nyambut gawe kanggo Napoleon Bonaparte, kang wektu kuwi terus perang saperlu ngembangake tlatahe. [1]Nalika kuwi, Larrey nindakake pangowahan ngenani pangobatane marang prajurit kang padha nandhang lara.[1] Larrey ngedegake rumah skait lapangan kang wiwitan ing donya iki kanthi nggunakake tenda-tenda sacedhake panggonan perang.[1] Taun 1792, dheweke mulai ngopraseake ambulans. [1]Ambulans biyen ora kaya ambulans saiki amarga ambulans biyen kaya dhokar kang ditarik dening dokar. [1]Dhokar mau ngangkut prajurit kang padha lara. [1]
Taun 1794, larrey nambahake tandhu ing jero dokar ambuals mau. [2]Nalika perng ing Mesir taun 1799, dheweke nggunakake onta kanggo nglakokake dhokar-dhokar mau. [2]Karo kancane yaiku Pierre Perce, Larrey mbentuk satuan prajurit ambulans.[2] ambulans-ambulans lan ‘’satuan’’ mau gawe Napoleon dadi seneng amarga wis bisa nyemangati prajuruit-prajurit nalika perang lan bisa ngurangi korban. [2]Larrey dianggep minangka dhokter militer modern kang wiwitan.[2] Larrey tinggal donya tanggal 25 Juli 1842 ing kutha Lyon.[2]