Doenjangjjigae
Doenjangjjigae (된장찌개) yaiku jinis godhogan (jjigae) ing masakan Korea kang digawe saka godhogan sup doenjang utawa saos kacang kedelai fermentasi.[1][2] Doenjangjjigae dimasak nganggo bahan kang beda-beda manut mangsane.Ing mangsa ketiga, biyasane doenjangjjigae ditambah nganggo jamur lan ing mangsa rendheng ditambahi [[godhong] lobak.[1] Bahan-bahan kang ditambahake ing doenjangjjigae yaiku kethokan lombok, timun lan tahu kang digodhog ing ttukbaegi utawa panci cilik saka wesi kang langsung disajekake nalika isih panas.[1] Doenjangjjigae duweni kandhungan protein kang dhuwur lan gampang ditemokake ing restoran-restoran kanthi rega kang bisa dijangko.[1] Amarga pengaruh rasa doenjang kang kuwat lan dilarasake karo rasa asin lan pedas, doenjjangjjigae minangka masakan favorit masarakat Korea.[1]