Dlamakan
| Dlamakan | |
|---|---|
| Tlapak sikil priya (kiwa) lan wanita (tengen) | |
| Latin | planta |
| Arteri | plantaris media, plantaris lateralis |
| Saraf | plantaris media, plantaris lateralis |
Tlapak sikil utawa dlamakan, iku bagéan ngisor sikil manungsa. Sacara anatomis, tlapak sikil disebut minangka aspek plantar. Permukaan sing padha karo ungulata yaiku kuku.
Bab lan Paragraf |
Deskripsi [sunting]
Ora kaya bagéan awak liyané, kulit tlapak sikil ora nduwèni wulu lan pigmen, lan nduwèni konsentrasi pori kringet sing dhuwur. Tlapak sikil nduwèni sawetara lipatan sing kabentuk sajroning embriogenesis lan ngandhut lapisan kulit paling kandel ing awak manungsa amarga bobot ing sakndhuwuré. Kaya tlapak tangan, pori kringet ora nduwèni kelenjar sebasea.
Persarafan [sunting]
Tlapak sikil sensitif banget ing sénggolan amarga akèhé saraf, sing marakaké sensitif ing permukaan, rasa gatel lan sawetara wong nemokaké tlapak sikil minangka zona erogen.[1] Sacara medhis, tlapak sikil iku papan refleks plantar, uji sing bisa nuwuhaké rasa lara amarga sensitivitasé. Tlapak sikil bisa uga dipigunakaké kanggo nyiksa.
Lengkungan [sunting]
Tlapak sikil wong diwasa normal iku mlengkung. Lengkungan kasebut bisa gagal tuwuh sajroning mangsa bocah utawa bisa warata sajroning ngandhut lan umur tuwa sing nyebabaké sikil warata.
Jroning budaya [sunting]
Ing Wétan Tengah, tlapak sikil dianggep ora resik lan dianggep ngina utawa nyerang yèn sacara kabuka nuduhaké tlapak sikil. Jroning budaya Kulon, sensitivitas tlapak sikil minangka sasaran itjhik-ithik utawa rangsangan sèksual.[2]
Rujukan [sunting]
|
|||||||||||||||||||