Djenar Maesa Ayu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Djenar Maesa Ayu
Lair 14 Januari 1973 (umur 39)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonesia
Pagawéyan aktris, panulis
Taun aktif 2003 - saiki
Anak Banyu Bening
Btari Maharani
Wong tuwa Syuman Djaya lan Tutie Kirana

Djenar Maesa Ayu (lair ing Jakarta, 14 Januari 1973; umur 39 taun) mujudake salah sijiné penulis Indonesia.[1] Cerkak-cerkaké wis sumebar ing media massa Indonésia kayata Kompas, The Jakarta Post, Republika, Koran Tempo, Majalah Cosmopolitan, lan Lampung Post.[2] Djenar Maesa Ayu iku putrané sutradara film legendaris Syuman Djaya lan paraga wanita Tutie Kirana.[1] Djenar nduwe anak loro yaiku Banyu Bening lan Btari Maharani.[1] Lumantar film perdanané, Djenar nampa Piala Citra minangka Sutradara Paling Apik.[1]

[sunting] Karya-karya

Buku kang sepisanan kang dikarang Djenar judhulé Mereka Bilang, Saya Monyet! wis dicithak ulang kaping wolu lan mlebu nominasi 10 buku paling apik Khatulistiwa Literary Award 2003.[1] Buku iku uga dicithak ing versi bahasa Inggris.[1] Saiki, cerpen kanthi judhul kang padha karo bukune wis digawé filme ing layar lebar. [1] Cerkak kang judhulé Waktu Nayla uga dadi Cerpen Terbaik Kompas 2003. Cerkak iku digawé buku bareng karo cerkak Asmoro ing antologi cerpen pilihan Kompas.[1]

Dene cerpen Menyusu Ayah dadi Cerpen Terbaik 2003 versi Jurnal Perempuan lan diterjemahaké karo Richard Oh ing basa Inggris kanthi judhul Suckling Father kanggo dicithak manéh ing Jurnal Perempuan versi bahasa Inggris, edisi kolaborasi karya terbaik Jurnal Perempuan.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i (id)selebriti.kapanlagi.com(dipuntingali tanggal 17 Agustus 2011)
  2. (id)movietei.com(dipuntingali tanggal 17 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Djenar_Maesa_Ayu&oldid=653641"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès