Disneyland Tokyo
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 1247 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Disneyland Tokyo menika papan pariwisata ingkang wonten ing Jepang. Mliginipun wonten Urayasu, Chiba, Jepang [1]. Papan menika awujud taman rékréasi kanthi wiyar dumugi 465.000 m² lan kalebet taman rékréasi saha resort Dysney kaping satunggal ingkang dipunbangun wonten njawinipun Amerika. Disneyland Tokyo menika dipunbangung déning Walt Dysney Imagineering. Taman rékréasi menika dipundamel sami kaliyan Disneyland ingkang wonten ing Anaheim, California. cara paling saé dugi wonten papan menika kanthi mendhet jalur kereta api JR Keiyō saking Stasiun Tokyo dhateng Stasiun Maihama.
Nalika wanci dalu menika wonten parade Dreamlights listrik ingkang menarik. Wonten atusan èwu lampu ingkang ngapung. Saksampunipun mirsani parade sedaya tiyang tindak dhateng astana . Disneyland Tokyo menika gadhah aréa ingkang wonten temanipun kadosta Mermaid Lagoon, Pante Arab, Pelabuhan Mediterania, lan sanès-sanèsipun. Mermaid Lagoon menika kagungan astana ing ngandhaping lemah kabangung Ariels lan ing ngandhapipun menika aréa kanthi manéka warna wahana lan toko ingkang dipunbangun kados wujuding iwak paus, saéngga swasananipun kados wonten ing ngandhaping toya. Taman menika ugi kagungan wahana Indiana Jones ingkang mirip sanget kaliyan ingkang wonten ing Disneyland California. Nalika wanci dalu wonten ing Pelabuhan Mediterania, wonten pagelaran ingkang dipunwastani BraviSEAmo, menika pertunjukan ingkang ngginakaken kapal tongkang, toya mancur, èfèk Pyro, lan kembang api [2].
Wonten 7 bertéma dhaérah-dhaérah ing Tokyo Disneyland, inggih menika :
- World Bazzar
Dunia Bazar menika papan ingkang kathah toko-toko lan restoranipun. Wonten ing papan menika ugi wonten toko kanggé angsai-angsalan.
- Adventureland
Pirates of the Caribbean lan Jungle Curise menika kalebet atraksi ingkang populer wonten ing mriki. Para wisatawan saged nyusuri wahana Laut Karibia lan nyusuri lèpèn wonten ing wana. Wonten ugi Mickey lan Minnie’s Polinesia Paradise ingkang dipunwontenaken ing Terrace Restaurant Polynesia. Wonten ing mriku dhahar sinambi mirsani penari asli saking Polynesia ingkang nari kaliyan Mickey.
- Westernland
Big Thunder Mountain menika daya tarik ingkang paling populer. Mlampah mawi nitih kréta nyusuri tambang-tambang wonten ing donyaning para koboi.
- Critter Country
Daya tarik utama ing papan menika Gunung Splash ingkang kawéntar.
- Fantasyland
Simbol saking taman ing mriki menika kastil Cinderella.
- Toontown
Toontown menika kutha ingkang manéka warna, warna-wani karakter kartun disney, kadosta griyanipun Minnie, griya Dale’s Tree, griya Goofy’s Bounce, lan tasih kathah malih. Celak kaliyan lawang kanggé mlebu Toontown menika wonten taman ingkang kadamel kanggé laré-laré alit. Para laré saged dolanan ing taman menika.
- Tomorrowland
Atraksi ingkang kawéntar ing mriki menika Bintang Tours menika awujud ruang kanggé petualangan lan gunung. Saged ugi nyobi wahana tour dhateng ruang angkasa kanthi nitih roket dhateng galaksi.